+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 14 November 2026 Minggu Limrah

Yehezkiel 7:10-27; Jabur 90:1-8, 12; Mateus 12:43-45

NGETANG DINTEN
“Kawula mugi sami Paduka wulang ngetang dinten kawula ing
saleresipun, supados sageda sami angsal manah ingkang wicaksana.”
(Jabur 90:12)

Xbox (satunggaling perusahaan game) ndamel iklan kanthi irah-irahan
“life is short” (gesang punika cekak), supados konsumenipun enget iba
cekakipun gesang menika pramila kedah dipun lampahi kanthi seneng,
kanthi dolanan game. Ananging, dangu sakderengipun iklan menika wonten,
Juru Masmur sampun nelakaken langkung rumiyin nilih gesang menika
kanyata cekak sanget menawi dipun bandhingaken kaliyan kalanggengan.
Wonten ing ngarsanipun Gusti Allah sewu taun menika kados sami kaliyan
satunggal dinten. Pramila gesangipun manungsa ingkang namung antawis
pitung dasa utawi wolung dasa taun punika kaetang cekak sanget. Mila saking
menika, Juru Masmur ngajak dhateng kita supados saged ngetang dinten.
Tembung “ngetang dinten” nggadhahi makna mboten namung ngetang
cacahipun dinten ingkang sampun kita pengkeraken. Ananging, ingkang
sepisan ngajak dhateng kita supados ngrumaosi kanthi saestu iba cekakipun
gesang ing alam donya menika; Sawekdal-wekdal, manungsa saged nilaraken
donya menika amargi pejah. Ingkang kaping kalih bilih kita perlu lan kedah
ngajeni wekdal peparingipun Gusti menika kanthi mranata gesang. Boten
namung nglampahi gesang sakwontenipun. Kosokwangsulipun, kita kaajak
kangge nglampahi gesang menika kanthi wicaksana, damel rancangan
ingkang prayogi lan mranata menapa kemawon ingkang badhe kita lampahi
wonten ing gesang menika. Mbudidaya dados pribadi ingkang sangsaya
saemper kaliyan gambaripun Gusti lan gesangipun tansah migunani.
Gusti Yesus mulangaken bab bebayanipun roh piawon ingkang medal
saking tiyang, ananging selajengipun wangsul malih kanthi mbekta roh-roh
sanesipun ingkang langkung awon (Matius 12:43-45). Menika ateges pepenget
dhateng kita supapdos boten namung nilaraken dosa-dosa kita ananging ugi
ngisi gesang kita kanthi prayogi, nampi Sang Roh Suci lan nindakaken perkawis-
perkawis ingkang sae lan ingkang dipun kersakaken dening Gusti. Sumangga
kita wiwit ngetang dinten kanthi wicaksana. Gusti mberkahi. |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *