Jemuwah, 20 November 2026 Minggu Limrah
1 Babad 17:1-15; Jabur 95:1-7a; Wahyu 22:1-9
NGLUHURAKEN, KALUHURAKEN
“Bareng Sang Prabu Dawud wus lestari anggone dedalem ing karatone, Sang Prabu banjur ngandika marang Nabi Natan: “Lah kula punika ngenggeni karaton kajeng eres, mangka pethi prajanjianipun Pangeran Yehuwah kok wonten ing sangandhaping tendha.”
(1 Babad 17:1)
1 Babad 17 punika saperangan saking isinipun pangucap sokuripun Dawud ngengingi iba Gusti anggenipun ngluhuraken piyambakipun, brayatipun lan tedhak turunipun (ay 16-27). Prasetyanipun Gusti Allah dhateng Dawud lumantar Nabi Natan kanyata elok sanget. Sinaosa sanes Dawud ingkang nggadhahi hak istimewa kangge mbangun Padaleman Suci, kanyata Allah mberkahi karaton lan tedhak turunipun Dawud kanthi endah. Salomo, putranipun Dawud piniji kangge mbangun Padaleman Suci lan karatonipun bakoh ngantos salaminipun.
Sedaya berkah punika namung awit sih-kamirahanipun Gusti, dene pambudidaya kita lan kasaenan kita boten saged njalari tambahing berkah. Ananging menawi kita ningali ing konteks punika, raosipun angel menawi boten nandhingaken pepenginanipun Dawud anggenipun badhe ngluhuraken Gusti Allah lan prasetyanipun Gusti kanggge paring kaluhuran dhateng Dawud. Dawud rumaos piyambakipun manggen wonten ing karaton ananging pethi prajanjianipun Gusti Allah namung wonten ing sangandhaping tendha. Dawud rumaos boten pantes. Awit saking menika, Dawud kepengin mbangun padaleman ingkang elok kagem pethi prajanjianipun Allah, awit Panjenenganipun punika ingkang pantes kaluhuraken, sanes dhirinipun. Bab punika lajeng dipun sarujuki dening nabi Natan. Dereng saestu anggenipun Dawud ngluhuraken Allah, Allah langkung rumiyin paring kaluhuran dhateng Dawud.
Langkung saking punapa ingkang ketingal saking jawi (cara kita ngabekti lan tumindak ingkang sae), gesang ingkang ngluhuraken Gusti Allah inggih punika babagan karohanen kita. Menawi sesambetan kita kaliyan Gusti Allah punika (kadosdene Daud ingkang ngutamekaken Gusti Allah lan njagi sesambetan ingkang rumaket), punapa ingkang medal saking gesang kita lumantar tumindak lan pitembungan, tundhonipun badhe ngluhuraken Gusti. Amin. | *SAR
