+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 9 November 2026 Minggu Limrah

Amos 8:7-14; Jabur 63; 1 Korinta 14:20-25

GUSTI ALLAH NUNGGIL KARO KOWE TEMENAN
“sakehe wewadi kang sumimpen ana ing batine bakal kelair,
satemah bakal sumungkem sujud marang Gusti Allah sarta ngakoni:
“Sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu”
(I Korinta 14:25)

Mangan ora mangan sing penting kumpul. Piwulang Jawi punika kados
sampun radi luntur, awit samangke awis-awis tiyang purun sami kempal.
Kathah tiyang langkung remen ngudi kasenengan lan kepetinganipun
piyambak-piyambak. Boten gampil saged kempal nyawiji kanthi sae sarta
raos sumanak. Mangan ora mangan sing penting kumpul sayektosipun
ngengetaken kangge mbangun sesambetan ingkang sae kaliyan tiyang
sanes. Kempal punika boten namung kangge dhahar sesarengan nanging
kangge reraosan saha tansah gatos-ginatosaken. Saged kempal kanthi
guyub rukun lan reraosan ingkang sumanak.
Rasul Paulus ing waosan punika mratelakaken perkawis ingkang wigati
inggih punika mbangun sesambetan ingkang sae lan kepenak ing antawisipun
pasamuwan. Boten wonten raos iren, gumunggung lan nengenaken kapentingan
pribadi supados swasana pakempalan estu-estu nyawiji lan sae. Rikala
semanten wontenipun basa roh sanyata boten kangge kasaenanipun
pasamuwan malah kangge rebut sae lan bener piyambak. Gesanging
pasamuwan boten guyub rukun, boten sae lan malah ndamel pasulayan.
Rasul Paulus ngengetaken ingkang wigati punika sanes basa rohipun,
ananging kadospundi peparingipun Roh saged mujudaken kasaenan lan
katresnanipun Gusti Allah wonten ing satengahing pakempalan. Tiyang
sanes badhe ningali saha ngraosaken sih katresnanipun Gusti Allah saestu
maujud ing pasamuwan. Gusti Allah nunggil ing pasamuwan ingkang sae,
guyub, rukun lan asih tresna.
Kadospundi sesambetan kita ing satengahing brayat lan pasamuwan?
Punapa wonten raos ingkang boten kepenak, ingkang damel pakempalan
kita boten guyub rukun lan boten wonten katresnan? Sumangga kita sami
nitipriksa lan ndandosi dhiri kita piyambak. Anggen kita sami kempal punika
mugi dados wujuding rawuhipun Gusti lan katresnanipun Gusti tansah
kebabar. Amin. |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *