+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 28 Oktober 2026 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 16:1-20; Jabur 119:41-48; Mateus 19:16-22

NGEBOTI BANDHA KADONYAN
“Bareng wong anom mau krungu pangandika kang mangkono iku,
banjur mundur kalawan sedhih, amarga bandhane akeh”
(Mateus 19:22)

Saben tiyang punika nggadahi kabetahanipun piyambak-piyambak.
Kabetahan punika saged dipun cekapi srana makarya ingkang ngasilaken
rejeki saben dintenipun. Tumrap sawatawis tiyang, rejeki padintenan punika
minangka bukti bilih gesangipun sampun karaos cekap. Ananging tumrap
golongan sanesipun, pados rejeki punika kedah sakkathah-kathahipun. Kamangka,
manungsa boten badhe rumaos cekap menawi namung nuruti hawa nepsunipun.
Manungsa ingkang boten wantun negesi dhiri lan dhawah wonten ing
mburu bandha kemawon badhe kecalan maknaning gesang punika.
Cariyos babagan tiyang enem ingkang matur pitaken dhateng Gusti
Yesus ing Mateus 19:16-22 saged dados pasinaon ingkang sae tumrap kita.
Kacariyosaken wonten tiyang enem ingkang matur pitaken bab gesang
langgeng. Tiyang punika pranyata sampun ngestokaken angger-angger
kanthi wetah. Namung satunggal perangan malih ingkang kirang, inggih
punika Gusti Yesus dhawuh supados nyade sedaya kagunganipun lan
ndherekaken lampahipun Gusti Yesus. Pranyata tiyang punika lajeng mundur
kalawan sedhih, awit bandhanipun kathah. Tiyang punika rumaos eman
bilih kedah nyade bandanipun, lan boten kemutan malih babagan gesang
langgeng ingkang suwaunipun dipun tangletaken dhateng Gusti Yesus.
Kita saged manggihi tuladha ingkang sami kaliyan tiyang enem kalawau
ing gesang kita. Punapa nate manggihaken tiyang ingkang langkung ngeboti
bandha kadonyan tinimbang andum gesang supados mitulungi sesami? Utawi
punapa nate manggihi tiyang ingkang boten karsa nindakaken peladosan
kanthi alesan nyambut damel ingkang boten wonten telasipun? Taksih kathah
malih tuladhanipun. Panci tiyang ingkang gesang mbetahaken bandha,
ananging bandha punika sanes tujuan gesang kita minangka tiyang pitados.
Bandha punika sarana kangge gesang, sanes gesang kita kangge bandha.
Sampun ngantos kita kecalan wewengan kangge ndherek Gusti namung
amargi ngeboti bandha kadosdene cariyos tiyang enem kalawau. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *