+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 27 Oktober 2026 Minggu Limrah

Pangandharing Toret 10:10-22; Jabur 119:41-48; Yabobus 2:14-26

PRACAYA LAN PANGGAWE
“Mangkono uga tumrap pracaya: Manawa pracaya iku
ora dikantheni panggawe, iku sajatine mati”
(Yakobus 2:17)

Saben tembung ingkang dipun lesananken punika mbetahaken bukti
supados nyata menawi ingkang dipun ucapaken punika saestu leres. Tiyang
ingkang ngaken menawi piyambakipun saged ngelmu kanuragan, temtu
kedah wonten buktinipun. Lare sekolah ingkang nelakaken bilih dhirinipun
sampun mangertos kaliyan piwucal ingkang katampi, kedah dipun buktekaken
nalika wonten ulangan. Sami kadosdene tiyang ingkang ngaken bilih
piyambakipun pitados dhateng Gusti, bab punika inggih kedah dipun buktekake.
Lajeng punapa ingkang saged dados bukti? Buktinipun, bilih tiyang punika
saged nyatakaken kapitadosanipun punika wonten ing gesang padintenanipun.
Yakobus 2: 14-26 cetha sanget nelakaken bilih kapitadosan lan pandamel
mboten saged dipun pisahaken. Kapitadosan tanpa pandamel punika
kothong, mekaten ugi pandamel tanpa linambaran kapitadosan punika
kadosdene waton anggenipun nindakaken pandamel. Nalika satunggaling
tiyang nelakaken bilih piyambakipun tiyang pitados, punika kedah wonten
buktinipun ingkang katingal saking pandamel lan tata gesangipun. Makaten
ugi tiyang ingkang nindakaken pandamel kedah linambaran pitados, supados
anggenipun nindakaken pandamel punika saestu binerkahan lan migunani
tumrap sesami.
Sepinten wigatosipun tata gesang ingkang linambaran kapitadosan
tumrap ingkang ngakeni dhirinipun minangka tiyang pitados? Gesang kita
nggambaraken punapa isining manah kita. Kados pundi anggen kita mbangun
pasrawungan, anggen kita ngadhepi prekawis ingkang wonten, sedaya punika
dados pratandha punapa kita saestu sampun ngestokaken ing dhawuhipun
Gusti Allah. Kapitadosan punika sanes perangan ingkang kedah kapendhem
ing salebeting batos ngantos boten wonten ingkang nguningani. Kapitadosan
kita nyatakaken minangka paseksi, minangka cara kita ngiyataken dhiri
pribadi bilih kita pitados saestu dhateng Gusti. Tanpa paseksi nyata, tiyang
pitados namung gesang kangge dhirinipun piyambak. Srana pandamel
ingkang nyata, kita ugi andum gesang dhateng sesami kita. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *