Yesaya 22:8b-14 ; Jabur 23; Yakobus 4:4-10
NGASORAKEN DHIRI
“Asorna badanmu ana ing ngarsane Pangeran,
sarta Panjenengane bakal ngluhurake kowe”
(Yakobus 4:10)
Kita tamtu sarujuk kaliyan pamanggih bilih gumunggung punika sipat
ingkang boten prayogi. Nalika satunggaling tiyang gadhah sikep gumunggung,
tiyang punika badhe dipun tebihi kaliyan rencangipun. Sikep gumunggung
punika boten prayogi amargi gumunggung punika sengaja ngagul-agulaken
dhirinipun lan ngasoraken tiyang sanes ingkang boten sami kaliyan piyambakipun.
Satemah perkawis punika ndadosaken pasrawungan karaos boten sekeca.
Emanipun, wonten kemawon manungsa ingkang taksih remen tumindak
kados mekaten namung kangge mbujeng kemaremanipun piyambak.
Serat Yakobus 4:10 kanthi cetha paring piwucal bab wigatosipun sikep
lan tumindak ngasoraken dhiri. Kenging punapa tiyang ingkang ngasoraken
dhiri punika badhe kaluhuraken dening Allah? Awit tiyang ingkang kanthi
sadhar ngasoraken dhiri punika boten nggadahi pepenginan kangge ngasoraken
tiyang sanes. Tiyang ingkang purun ngasoraken dhiri punika ugi boten gadah
pepenginan kangge ngagul-agulaken dhirinipun. Kajawi punika, ngasoraken
dhiri punika minangka wujud pakurmatan kita dumateng dhateng tiyang
sanes. Kita sinau kangge ngajeni tiyang sanes wonten ing kawontenan
ingkang asor punika.
Saking lelampahan punika kita saged ngugemi bilih “menang tanpa
ngasorake” panci saged kalampahan kanthi prayogi ing gesang kita. Ingkang
menang punika sanes ingkang unggul piyambak lan saged ngawonaken
tiyang sanes. Ananging ingkang menang punika tiyang ingkang saestu pinunjul
ananging ngasoraken dhiri supados tiyang sanes boten rumaos asor lan
lingsem. Kanthi mekaten badhe saged mitulungi tiyang sanes ingkang
mbetahaken pitulungan. Mugi tinebihna sikep gumunggung punika saking
gesang kita. |*WAS
