+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 8 Oktober 2026 Minggu Limrah

Yesaya 22:1-8a ; Jabur 23; 1 Petrus 5:1-5, 12-14

PANGARSA KANG ORA CIDRA
“Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen,
aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning
Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan
rasa leladi”
(1 Petrus 5:2)

Wonten ing salebeting mangsa kampanye, asring sanget tiyang ingkang
dados calon anggota legislatif utawi calon pemimpin punika nelakaken janji-
janji ingkang manis, ingkang saged mendhet simpati saking masyarakat.
Janji-janji punika kadosdene magnet ingkang njalari tiyang kathah lajeng
milih tiyang punika minangka pangarsa. Ananging saksampunipun Pemilu lan
nampi kalenggahan, kathah ingkang mblenjani janji. Mila kathah ingkang
boten pitados kaliyan janjinipun para calon anggota legislatif punika, awit
limrahipun manungsa gampil mblenjani janji.
1 Petrus 5 punika mujudaken piwucalipun Petrus bab kadospundi
kedahipun madeg minangka pangarsaning umat. Tiyang-tiyang ingkang kapiji
minangka pangarsa punika kedah mapanaken dhiri kadosdene pangen lan
umat mendanipun, sanes kadosdene pangarsa lan kawula. Sauger pangarsa
punika mapanaken dhiri minangka pangen, temtu ngeman lan kanthi prayogi
ngrimat para menda kagunganipun. Makaten ugi ingkang dipun reh, boten
badhe rumaos ajrih lan sumelang amargi mangertos menawi pangarsanipun
boten sulaya lan cidra.
Perangan punika dados pepenget tumraping kita ingkang madeg
minangka para pelados ing gereja. Minangka tiyang-tiyang ingkang nampi
ayahan mirunggan wonten ing pasamuwan, kalenggahan punika kedah kagem
lelados dhateng Gusti Allah srana ngrimati menda kagunganipun. Gereja sampun
ngantos namung menggalih babagan pisungsung ingkang kathah, gedung
greja ingkang endah, ananging kesupen ngrimat gesang karohanen para
kagunganipun Gusti Allah.
Sumangga sami lelados kanthi tulusing manah, sanes amargi pados
pakurmatan punapa malih pados keuntungan saking peladosan ingkang kita
tindakaken. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *