Yeremia 2:23-37; Jabur 80:7-15; Filipi 2:14-18; 3:1-4a
PANGGRUNDEL LAN SUWALA
”Lakonana samubarang kabeh kalawan tanpa panggrundel lan suwala”
(Filipi 2:14)
Panggrundel lan suwala punika dados perangan ingkang asring kita
panggihi ing gesang padintenan, mirungganipun tumrap tiyang ingkang
kedah nindakaken pakaryan ingkang cengkah kaliyan isining batin. Tuladhanipun,
tiyang ingkang nyambut damel ing kantor lan pranyata kanca ingkang
langkung senior (langkung sepuh, langkung pengalaman) ing kantor punika
asring sanget nyatru. Anggenipun nyambut damel dados boten sekeca,
lajeng tuwuh panggrundel, dangu-dangu lajeng kepengin medal saking
kantor punika. Sedaya punika kawontenan ingkang asring kita panggihi lan
temtu boten prayogi tumrap gesang kita.
Punapa wigatosipun ngrembag panggrundel lan suwala ing gesang
punika? Panggrundel punika nuwuhaken suwala, lan suwala punika ndadosaken
manungsa kecalan makna nalika nglampahi gesang peparingipun Gusti.
Paulus lan Timoteus ngemutaken pasamuwan Filipi supados anggenipun
gesang punika nebih saking panggrundel lan suwala kados makaten. Kekalihipun
ngemutaken bilih pakaryan ing Sang Kristus punika adhedhasar tresna asih,
lan punika nuntun para pendherekipun Gusti dhateng gesang ingkang prayogi.
Mila, sampun ngantos wonten panggrundel punapa malih suwala nalika nampi
timbalan pakaryan kawilujengan saking Gusti. Pakaryan kawilujengan punika
boten adhedhasar untung-rugi utawa wigatos – boten wigatos, ananging
sedaya punika kedah kalampahan awit tulusing manah ingkang nindakaken.
Minangka tiyang pitados, kita ugi kaemutaken ing bab ingkang sami,
supados kita nebihi sikep panggrundel ingkang nuwuhaken suwala. Nalika
wonten ing satengahing pasamuwan wonten panggrundel, lampahing
peladosan dados randhat. Nalika peladosan randhat, tuwuh tiyang-tiyang
ingkang suwala nalika kedah nindakaken ayahan peladosan punika.
Wusananipun gesang masamuwan boten karaos ngremenaken malih.
Sumangga kita nebihi panggrundel ingkang nuwuhaken suwala. |*WAS
