+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 1 Oktober 2026 Minggu Limrah

Yeremia 2:14-22; Jabur 80:7-15; Kolose 2:16-23

RESIKO NYINGKUR PANGERAN
”Rak sira dhewe kang njalari sira ketaman kang kaya mangkono iku,
amarga sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira,
nalika Panjenengane ngirid sira ana ing dedalan?” (Yeremia 2:17)

Kita mangertos tembung “resiko”, inggih punika samubarang ingkang
badhe kalampahan nalika kita nglampahi satunggaling bab ing gesang.
Kathah sesanti ingkang nelakaken supados manungsa punika saestu ngatos-
atos nalika netepaken pilihan. Tuladhanipun, tetembungan “aja cedhak
kebo gupak”, ingkang nggadhahi teges bilih kita boten prelu nyelaki bab
ingkang awon supados boten ndherek katut ing awonipun. Nalika sampun
mangertos satunggal bab punika awon, ananging kita tetep nyelaki lan
srawung, punika ingkang njalari kita lajeng kapilut ing piawon.
Yeremia 2:17 mujudaken satunggaling pepenget tumraping bangsa
Israel ingkang wekdal semanten, ingkang kedah nandhang kasangsaran
wonten ing negari pangawulan Babil amargi kalepatanipun piyambak. Pangeran
Yehuwah sampun paring dhawuh supados namung ngabekti dhateng
Panjenenganipun. Ananging Israel malah nyingkur Pangeran Yehuwah lan
langkung remen ngabekti dhateng ilah-ilah sanes saha nglirwakaken
pitedahipun. Yeremia lajeng ngemutaken bangsa Israel ingkang wiwit
nglepataken Gusti Allah, bilih sedaya kasangsaran punika amargi kalepatanipun
Israel piyambak. Boten prelu pados sinten ingkang kedah dipun lepataken,
ing kasunyatanipun bangsa Israel nindakaken kalepatan ingkang ageng lan
kedah nampi konsekuensi utawi resikonipun.
Kita minangka umat kagunganipun Gusti kedah ngatos-atos ing salebeting
nglampahi gesang saben dintenipun. Asring perangan-perangan ingkang
awon punika kita tampi jalaran tumindak kita piyambak. Nalika kita wantun
nyingkur Gusti lan boten migatosaken kaliyan gesang kapitadosan kita,
ampun nggresula menawi kita nampi perangan ingkang awon. Ibaraipun, ampun
dolanan geni manawi boten kepengin ngraosaken panas. Ampun dolanan
banyu manawi boten kepengin klebus. Sadaya ingkang sampun kita tindakaken
punika ngemu resiko, kalebet gesang padintenan lan kapitadosan kita
dhateng Gusti. |* WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *