Lelakone Para Rasul17:22-31; Jabur 66:8-20; 1 Petrus 3:13-22;
Yokanan14:15-21
TETEP SABAR ING LAMPAH BECIK LAN BENER
“Sarta sapa ta kang bakal nandukake piala marang kowe, manawa kowe
sregep gawe becik ? Nanging sanadyan kowe kudu nandhang sangsara
marga saka laku bener, kowe bakal rahayu. Aja wedi marang apa
kang padha diwedeni sarta aja nganti giris”.
(1 Petrus 3:13-14)
Gesang miturut tata Kristen punika pancen awrat; boten namung nyanggi
momotaning gesang, nanging ugi ngadhepi resiko krana anggenipun ndherek
Gusti Yesus. Sesanggening gesangipun tiyang Kristen dados dobel.
Tata gesang Kristen punika kedah nindakaken kabecikan, jalaran punika
wujuding caos panuwun sukor dhateng Gusti Yesus. Limrahipun kabecikan
njalari tiyang saged kesengsem lan boten badhe tumindak awon. Ewasemanten
kasunyatanipun ugi wonten tiyang ingkang boten karenan lan serik sinaosa
ancas kita sae. Lan malih krana kasetyan kita nindakaken dhawuhipun Gusti,
kita asring ngadhepi panandhang awit wontenipun tiyang ingkang sengit
dhateng kekristenan. Satemah kita asring dipun singkiri dening sesami ing
satengahing pasrawungan. Wonten ing Indonesia kemawon, taksih asring
kedadosan kasus tiyang Kristen ingkang dipun alang-alangi anggenipun ngibadah;
boten pareng ngibadah ing griya, boten pareng mbangun gedung greja.
Ngadhepi kasunyatan ingkang kados mekaten punika, Rasul Petrus paring
dawuh supados kula lan panjenengan sami tetep tegen ing pitados lan tetep
mbangun kasabaran ngadhepi sedayanipun. Awit tiyang ingkang tetep ing
pitados lan sabar ngadhepi pekeweding gesang, badhe nampi karahayon.
Wontenipun pepalang lan pakeweding gesang, pancen nyata kabukten!
Awit punika tata gesang setya ing pitados lan mbangun gesang kebak ing
kasabaran, kedah dipun udi. Awit saking punika, sumangga tansah ngganter ing
pandonga, pasrah ing Allah lan nyenyuwun mugi kita kasagedna setya dhateng
Gusti lan pinaringan rohing kasabaran,tanpa was-sumelang. Amin. |*BP
