2 Para Raja 22:3-20; Jabur 119:105-112; Rum 11:2-10
SANES PHP
“Manah kawula kawula adhepaken supados nglampahi pranatan Paduka,
ing salaminipun ngantos dumugi ing wekasan.”
(Jabur 119:112)
Ing gesang padintenan mbok manawi kita nate mireng istilah Pemberi
Harapan Palsu (PHP). Istilah punika gegayutan kaliyan wontenipun
saperangann tiyang ingkang asring nglomboni sesaminipun. Contonipun
kasus penipuan lumantar Handphone, paring pawartos bilih kita punika
pikanthuk undian utawi hadiah kadosdene arta utawi mobil. Kathah tiyang
ingkang dados korbanipun, sami kapusan, kintun arta kangge biaya
administrasi ananging hadiahipun boten wonten. Wonten ugi apus-apus ing
bab kesehatan, sami tawa obat utawi cara-cara pengobatan ingkang saged
nyarasaken rupi-rupi sesakit, jebule namung lomboan kemawon. Sinaosa
mekaten, nggih kathah tiyang ingkang kapusan, sesakitipun boten mantun,
artanipun telas.
Kenging punapa kathah tiyang sami kapusan? Amargi sami kepengin
pikanthuk asil ingkang ageng kanthi cara-cara ingkang gampil utawi instan.
Kathah ingkang kepengin sugih ananging boten purun rekaos nyambut
damel. Kathah ingkang kepengin sehat ananging boten telatos anggenipun
berobat lan njagi kesehatanipun.
Ing jamanipun Juru Masmur tamtunipun ugi kathah tiyang ingkang
remen goroh lan paring janji-janji palsu.Tiyang-tiyang punika njanjekaken
punapa ingkang sae lan endah, ananging boten wonten wujudipun. Bab
punika beda sanget kaliyan prasetyanipun Gusti. Gusti Allah paring
pranatan kangge nuntun lampahing gesangipun manungsa supados
manggihaken kabegjan lan karahayon ingkang sejati. Mila saking punika,
Juru Masmur ngeneraken manah lan gesangipun kangge netepi pepaken-
pepakenipun Gusti.
Gesang ing satengahing donya ingkang kebak apus-apus punika pancen
awrat. Ananging manawi kita tansah mbangun-turut dhumateng Gusti lan
nglampahi pranatanipun temtu badhe tinebihaken saking sadaya rubeda,
lan saged pinanggih tentrem raharja. |*EW
