+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 1 Februari 2026 Minggu Limrah (HUT YAKKUM)

Mikha 6:1-8; Jabur 15 ; 1 Korinta 1:18-31; Mateus 5:1-12

INTEGRITAS
“Sapa kang tumindake kang mangkono
mesthi ora keguh ing salawas-lawase.”
(Jabur 15:5b)

Integritas punika bab tumindak ingkang konsisten kanthi nglampahi
bab-bab ingkang leres, sanadyan ing kawontenan ingkang boten gampil
dipun lampahi. Integritas punika tegesipun tumindakipun cundhuk kaliyan
tembungipun. Integritas punika ngemot babb kasetyan lan pambangunn
turut sinaosa boten wonten tiyang ingkang mirsani. Tiyang ingkang ngadahi
integritas punika ugi dipun sebat tiyang ingkang kapenuhan ing kamulyaan.
Kados punapa wujuding tiyang ingkang nggadhahi integritas punika?
Kitab 1 Para Raja nggambaraken pribadi ingkang integritas punika kadosta
Dawud. “Sang Prabu Suleman banjur munjuk: “Paduka ingkang sampun
ngatingalaken sih kadarman ingkang ageng dhumateng abdi Paduka Rama
Dawud, rama kawula, amargi sugengipun wonten ing ngarsa Paduka
kalayan setya, leres lan jujur dhumateng Paduka; sarta Paduka sampun
nglestantunaken sih kadarman ingkang ageng punika dhumateng rama,
Paduka paring anak ingkang linggih ing dhamparipun kados ingkang
kalampahan ing dinten punika.” (1 Para raja 3:6)
Wonten tigang prekawis ingkang saged mbangun integritas, inggih
punika kasetyan, tumindak ingkang leres lan sikep jujur. Lajeng sumangga
kita gatosaken, bilih tiyang ingkang nggadhahi tigang prekawis punika,
badhe pikantuk katresnanipun Gusti ingkang ageng, lan punika dipun
sebataken dasos jaminan saking Gusti Allah.
Sinten ingkang dipun sebat ngadahi integritas punika? Inggih punika
Dawud. Pitakenanipun, punapa wonten tembungipun Dawud piyambak bab
integritas, bab ingkang dipun tindakaken ing gesangipun? Wangsulanipun
wonten. Kitab jabur ingkang isinipun sakedhik, namung 5 ayat, nanging
punapa ingkang kaserat punika sae sanget. Punika ingkang dados renaning
penggalihipun Gusti. Kangge mbangun pribadi ingkang nggadhahi integritas
Pitedah ing Jabur 15 punika wigati tansah kita tindakaken ing gesang punika.
Setya, leres lan jujur kedah dados peranganing gesang kita minangka
pandherekipun Gusti ingkang berintegritas. Amin, |*EW

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *