I Samuel 3:10-4:1a; Jabur 29; Lelakone Para Rasul 9:10-19a
PIRANTINIPUN GUSTI
“Wis, sira mangkata, jalaran wong iki piranti pilihaningSun
kanggo martakake asmaningSun marang bangsa-bangsa …”
(Lelakone Pr. Rasul 9:15)
William Carey kawentar minangka “Bapak Misi Modern.” Nanging
sakderengipun dados misionaris, William Carey nate dados tukang sepatu
ing Inggris. Piyambakipun nglampahi gesang ingkang sarwa winates lan kathah
ingkang ngremehaken kabisanipun. Sedaya punika boten kaanggep awrat,
ananging ingkang kaanggep awrat inggih punika kepingin saged martosaken
Injil dhateng sedaya bangsa ing salumahing bumi. Nalika piyambakipun
paring usulan ngutus misionaris dhateng ing India, kathah tiyang ing
grejanipun ingkang matur: “Menawi Gusti badhe nylametaken tiyang India,
kajengipun nindakaken piyambak tanpa bantuan saking kita.” Sanadyan
wangsulan punika nguciwani, nanging William Carey mboten semplah,
piyambakipun pitados dhateng Gusti. Satemah Wiliam Carey bidhal tumuju
dhateng India martosaken Injil.
Cariyos punika ngengetaken dhateng kita gesangipun murid Yesus
ingkang nami Paulus. Sewau dados panganiaya muridipun Gusti. Ananging
ing Lelakone Pr. Rasul 9:15, Gusti paring pangandika dhateng Ananias bilih
Saulus punika piranti pilihanipun Gusti, kangge martosaken Injil. Gusti Yesus
milih Paulus kangge martosaken kabar kabingahan dhateng sedaya tiyang.
Paulus nindakaken timbalan punika satemah dados satunggaling rasulipun
Gusti Yesus ingkang kawentar. Piyambakipun wantun nglampahi ngantos
ing pundi-pundi papan, wantun nrajang bebaya lan wantun ngadhepi
tiyang-tiyang ingkang badhe mejahi piyambakipun.
Perkawis punika ngengetaken dhateng kita sedaya, menawi Gusti Allah
milih tiyang dados utusanipun, Panjenenganipun boten mawang sepinten
kathahipun raja brananipun, sepinten agenging panguwaos lan kalenggahanipun.
Ananging Panjenenganipun milih pirantosipun adhedhasar sih rahmatipun
ingkang kaparingaken dhateng sinten kemawon. Pramila kita kedah ngaturaken
panuwun dene sampun pinilih dening Gusti dados pirantosipun, langkung
saking punika tansah sregep nindakaken timbalanipun martosaken Injil. |*IAS
