+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 28 November 2025 Minggu Kristus Ratuning Jagad

Purwaning Dumadi 6:1-10; Jabur 122; Ibrani 11:1-7

GANJARAN

Yerusalem padha suwunna tentrem rahayu:

Sakehing wong kang tresna marang kowe ginanjara kasantosan!

(Jabur 122: 6)

Waosan kita punika minangka kidung jiyarahipun umat Israel. Para talering Israel remen menawi sami lumebet Yerusalem awit tiyang-tiyang wau badhe sowan sesarengan ing ngarsanipun Gusti, ing padalemaning Gusti. Ing Yerusalem ugi madeg kratoning sang Prabu Dawud saha madeg bale pangadilan. Yerusalem dados kitha ingkang saestu dipun tresnani dening umat Israel awit ing ngriku mijil raos patunggilaning umat, pangibadah dhumateng Gusti, pengayomaning para manggalaning praja saha jejeging kaadilan. Ingkang elok, saben tiyang ingkang nggadahi raos tresna saha ndedonga murih Yerusalem murih kaparingan santosa. Mendah elokipun menawi kawontenanipun Yerusalem mberkahi pra tiyang kathah. Tegesipun, lumantar Yerusalem, Gusti paring ganjaran dhateng pra tiyang kathah.

Kados pundi kawontenaning griya kita? Punapa kawontenaning griya kita kadosdene Yerusalem ingkang kebak ing katresnan? Cariyos bab Yerusalem wau saged dados ‘inspirasi’ kangge griya kita. Mendahnea menawi griya kita ugi kebak ing katresnan, pangibadah, pasedherekan, pengayoman saha kaadilan.  Menawi mekaten, kathah sedherek, tanggi tepalih saha tiyang sanes ingkang remen menawi rawuh ing griya kita. Ingkang nengsemaken malih, berkahipun Gusti ugi sumrambah dhateng para tiyang ingkang ndongakaken griya lan brayat kita.

Puji Gusti menawi brayat kita saged mujudaken katresnan, pangibadah, patunggilan, pengayoman saha kaadilan. Puji Gusti menawi Gusti mbabar berkah dhateng brayat kita. Lan puji Gusti menawi kasantosan saking Gusti sumrambah dhateng para tiyang ingkang kesengsem dhateng griya lan brayat kita saha ndongakaken griya lan brayat kita. Sumangga kita sami mujudaken brayat ingkang nengsemaken sesami! Gusti mberkahi! |*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *