Yeremia 22:18-30; Jabur 46; Lukas 18:15-17
KADOSDENE LARE
“Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa anggone
nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik,
iku ora bakal lumebu ing kono.”
(Lukas 18: 17)
Nalika kathah tiyang, kalebet para sekabatipun Gusti Yesus, sami ngremehaken para lare, Gusti Yesus negesaken katresnanipun dhateng para lare. Nalika para sekabat ngalang-alangi para lare, Gusti Yesus ngrengkuh lan maringi berkah dhateng para lare. Lumantar tumindakipun punika, Gusti Yesus paring piwucal dhateng para sekabat lan tiyang kathah bilih para lare ugi kedah dipun gatosaken, dipun rangkul saha dipun aturaken supados sangsaya caket kaliyan Gusti Yesus.
Gusti Yesus ugi paring pangandika bilih saben tiyang ingkang nampeni Kratoning Allah kados dene para lare, punika ingkang badhe lumebet ing Kratoning Allah. Kenging punapa mekaten? Ingkang sepisan, para lare punika nggadahi sipat ingkang lugu lan tulus, jujur, boten munafik. Gusti ngersakaken supados panderekipun ugi nggadahi sipat tulus lan jujur ing ngarsanipun Gusti. Ingkang kaping kalih, para lare punika gumantung sawetahipun dhateng tiyang sepuhipun. Gusti Yesus ngersakaken supados panderekipun ugi nggadahi raos gumantung sawetahipun dhumateng Gusti lan boten ngandelaken kekiyatan saha pemanggihipun piyambak. Kanthi katulusan saha raos gumantung punika, tiyang-tiyang badhe katampi lumebet ing Kratoning Allah.
Sumangga kita sami sinau saking para lare, kados dene pitembungan ”kebo nusu gudel”. Kita sami njagi manah kita supados tansah tulus lan jujur saha gumantung sawetahipun dhumateng Gusti Allah wonten ing sedaya lampahing gesang kita. Tansah sumeleh, sumarah, sumendhe dhumateng Gusti! Sumangga kita sami ugi sangsaya migatosaken para lare, taberi nanggapi pitakenan-pitakenanipun para lare saha mangsuli kanthi sukarena. Kanthi mekaten, pasamuwan kita sami kasagedna mujudaken ”gereja ramah anak”. I*OHPN
