+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 11 Juli 2024 Minggu Limrah IX

Pangentasan 25:10-22; Jabur 24; Kolose 2:1-5

KABUNGAHAN NUNGGIL KARO PASAMUWAN

“Sebab senajan aku dhéwé ora ana ing tengahmu, nanging batinku tansah nunggal karo kowé. Aku bungah banget déné krungu enggonmu padha saiyeg, ngantepi precayamu marang Sang Kristus klawan teguh”

(Kolose 2:5)

Nunggil iku tegese bebarengan, ora kapisah. Nanging kita tetep bisa ngudi patunggilan sanajan saka papan panggonan sing beda, malah kepara adoh. Saiki wis ana piranti kanggo sesambungan antarane wong sing kapisah jarak adoh. Liwat Smartphone ora mung suara utawa tulisan wae, nanging bisa nggunakne video, bisa omong kaya adhep-adhepan. Ing jamane Rasul Paulus, durung ana internet dadine anggone nunggil ing batin, saben-saben tansah ndongakne siji lan sijine ing ngarsane Gusti.

Sadurunge ana internet lan email, nalika arep ngabarke informasi marang sedulur sing ana papan adoh bisane mung nelpun, interlokal. Biyen telepon interlokal mbayare larang, ora bisa suwe-suwe. Sing luwih murah lan bisa nulis kabar akeh-akeh iku nganggo surat. Butuh wektu pirang-pirang dina, malah luwih seminggu menawa menyang luar negeri, sanajan suwe surat sing dikirim lan surat balesan sing ditampa iku bisa mbangun patunggilan antarane sedulur sing manggon adoh. Saiki kudune wis ora ana alangan anggone arep mbangun patunggilan karo sedulur-sedulur sing manggon ing papan adoh. Cukup ngerti nomor telepone, wis bisa sesambungan sawanci-wanci.

Kabungahan nunggil ing pasamuwan iku dudu prekara piranti lan teknologi komunikasi. Telepon lan internet iku mung dadi sarana. Sing dhisik dhewe iku kudu nunggil ing batin lan ati, sing saben-saben tansah ngelingi lan nyenyuwunake berkahe Gusti. Kabeh diaturke ing pandonga, srana pamuji, panuwun lan sokur. Pakaryan sihrahmate Gusti, lan patunggilan ing Sang Roh Suci kang bakal nyampurnakne patunggilan pasamuwan, sanajan kapisah tata lair, nanging santosa nunggil ing batin. Prayoga sawise ndongakne sedulur sing ana papan adoh, kita uga kirim salam liwat telepon. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ