+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 10 Juli 2024 Minggu Limrah IX

II Samuel 5:17-25; Jabur 21; Yokanan 7:1-9

ANGON MANGSA

“Padha mangkata dhéwé nekani riaya kuwi. Aku ora arep mrana,

jalaran iki durung wektu-Ku” (Yokanan 7:9)

Para sedulur-sedulure Gusti Yesus klebu golongan sing isih mangu-mangu, isih durung pracaya apa bener Gusti Yesus iku Putrane Manungsa kang rawuhe wus kaweca. Para sedulure ing Galilea iku padha matur, mrayogakne Gusti Yesus tindak menyang kutha Yerusalem ing tanah Yudea, supaya pakaryane uga diweruhi dening wong akeh. Tanah Yudea nduwe kutha metropolitan Yerusalem, papan jujugane wong-wong saka negara-negara manca nglumpuk. Nanging pangandikane Gusti Yesus, “Aku ora arep mrana, jalaran iki durung wektu-Ku”.  Gusti Yesus angon mangsa, tegese mranata pakaryane manut miturut wektu kang dikersakake dening Sang Rama. Apa maneh sedulur-sedulure Gusti Yesus ora ngerti menawa kaluhuran lan kamulyan sing ngenteni ing kutha Yerusalem iku kudu srana ngesorake dhiri, nandhang sangsara lan seda sinalib.

Samubarang kabeh iku ana wayahe. Menawa wayahe ora pas, dadine iya ora pener. Manungsa kerep ora sabar ngenteni wektu kang wus katetepake ing pranatane Gusti. Kepengin luwih cepet ngerti lan mesthekne sing durung kelakon. Malah menawa iku perkara kaluhuran lan kamulyan, kepengin nyoba menawa pancen tenan supaya bisa diwujudke saiki, dadi bukti sing wis pesthi. Nanging iku kabeh pepenginane manungsa, dudu kersane Gusti. 

Gusti Yesus angon mangsa, sabar nglampahi apa sing kudu katindakake ing Galilea, sadurunge wancine tindak menyang Yudea. Gusti Yesus ora preduli marang para sedulure sing padha ora precaya lan kepengin meruhi bukti. Wis cukup pakaryane anggone memulang, lan nindakake akeh pakaryan mukjijat. Menawa iku ora ndadekne wong padha precaya, pancen amarga penggawene jagad iku ala. Angon mangsa iku sumuyud ngestokake dhawuh timbalane Gusti, ora nggege mangsa nuruti pepenginan lan rancangan kita dhewe. Amin. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ