Pangentasan 24:15-18; Jabur 47; Wahyu 1:9-18
AJA WEDI
“Nalika weruh Panjenengané mau aku nuli krungkep prasasat
wong mati. Nanging aku banjur ditumpangi astané tengen
lan dingandikani: “Aja wedi! Aku iki sing ngasta pangwasané
Kang Wiwitan lan Kang Pungkasan.” (Wahyu 1:17)
Mangkel menawi nembe kekesahan dhateng papan ingkang tebih ngangge sepeda motor lajeng motoripun risak, mogok mesinipun. Dipun stater wongsal-wangsul nanging boten saged. Saya mangkel malih amargi kita boten saged ndandosi motor punika piyambak. Kedah nyurung motor lan pados bengkel. Sareng sampun dipuncepeng montir, ingkang mangretos bab mesin motor, saged pinanggih risakipun, dipundandosi, lajeng saged mlampah malih.
Waosan dinten punika mratelakaken bilih Gusti Yesus ingkang gesang lan sumengka dhateng swarga, inggih Gusti ingkang sampun mbikak korining swarga. Kori sampun tinarbuka inggih punika korining kawilujengan, korining berkah, korining gesang langgeng lan tentrem rahayu. Gusti Yesus ingkang ngasta panuwaos saking ing Wiwitan lan ing Pungkasan, ingkang ngeparengaken saben tiyang pitados pikantuk gesang langgeng wonten ing swarga. Awit saking punika mboten perlu ajrih ngadhepi kathahing bebaya lan pangancam ing donya ingkang kebak kasisahan lan kasangsaran, sarta babagan gesang sasampunipun pejah. Gusti Yesus sampun dados panjeripun supados kita pinanggih wilujeng sarta gesang langgeng.
Gusti Yesus sampun paring sih rahmat dhateng kita. Sadaya ingkang badhe kita adhepi ing gesang punika, badhea gesang ing donya punapa dene sasampunipun pejah, namung Gusti Yesus ingkang kuwaos nylametaken. Gusti ingkang ngasta kuncinipun boten wonten ingkang sanesipun. Ibaratipun tukang dandan motor mbetahaken ahlinipun, lan Gusti ingkang dados ahlinipun ingkang mangertosi lan ndandosi. Punapa ingkang dados sisah lan kangelaning gesang punika ingkang tansah kita adhepi boten perlu kita ajrih. Pitadosa lan pasraha ingkang wetah wonten astanipun Gusti, mesthi kita saged nglangkungi samukawis perkawis sarta ngraosaken tentreming manah. Aja wedi! |*DAS