+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 10 April 2024 Minggu Paskah II (Pethak)

Yesaya 26:1-15; Jabur 135; Markus 12:18-27

AJA KAYA BRAHALA

“Padha duwe cangkem nanging ora bisa calathu, padha duwe mata, nanging ora bisa ndeleng, kupinge ana nanging ora bisa ngrungokake, dalah cangkeme iya ora ana ambekane”

(Jabur 135: 16-17)

Juru Mazmur njurung umating Israel  supados ngabekti dhumateng Gusti Allah kemawon. Brahalanipun para bangsa punika namun damelanipun manungsa. Nggadahi tutuk nanging boten saged wicantenan. Nggadahi netra nanging boten saged ningali. Nggadhahi talingan nanging boten saged mireng. Brahala wau boten saged dipun andelaken minangka tuking pitulungan. Boten saged punapa-punapa. Tutug, netra saha talingan boten munpangati, boten wonten ginanipun!

Kita sami temtu pitados namung dhumateng Gusti Allah kemawon, tuking pitulungan. Pakaryanipun Gusti sampun kabuktekaken ing gesang kita sami. Ananging sumangga kita titipriksa, punapa ingkang dados tanggapan kita dhumateng pakaryanipun Gusti? Punapa kita sami kabereg dados talanging berkah kangge sesami? Punapa malah kita mendel kemawon, kados dene brahalaning bangsa ingkang boten saged tumindak punapa-punapa? Nalika ningali prekawis ing sakiwa tengen kita ingkang nrenyuhaken manah, punapa kita boten gumregah? Kita nggadahi netra, talingan saha tutuk. Ananging kita ginakaken kangge mitulungi punapa boten?

Kita sami asring ngraosaken sisah menawi sumerep wonten tiyang Kristen ingkang taksih ngabekti dhateng brahala, punapa punika pados aji kekebalan, aji pengasihan, aji pelarisan, aji pesugihan, aji kawibawan, dalah aji-aji sanesipun. Ananging kita ugi langkung prihatos menawi tumindak kita prasasat brahala, nggadahi netra, talingan saha tutuk ananging namung mendel kemawon. Pramila sumangga kita wujudaken pakaryan jati lumantar sedaya peranganing badan kita kangge mitulungi sesami saha kagem kamulyanipun Sang Kristus. I *OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ