+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 11 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah IV

Pangentasan 15:22-27; Jabur 107:1-16; Ibrani 3:1-6

SETYA TUHU

“Gusti Kristus iku setya kayadene Putra kang mengku padalemane;

sarta padalemane iya iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya

sarta ing pangarep-arep kang kita agung-agungake nganti

tumeka ing wekasan.” (Ibrani 3:6)

Iba endahipun yen gesang kita punika katalesan kasetyan. Kosok wangsulipun yen boten makaten badhe ndadosaken semplah ing manah, bentering ati, malah saged ugi ndhatengaken kanepson ingkang mbilaeni. Tuwuh raos gething, sengit kepati-pati. Awit saking gorehing ati punika saged dados pamedhoting raos tresna, raos pasedherekan lan kekancan.

Serat Ibrani 3:1-6 mratelakaken angggenipun Gusti Yesus Kristus tansah setya. Kasetyanipun dhateng sang Rama, inggih anggenipun nindakaken karsanipun. Ing ayat kalih kapangandikaakaken; “Gusti Yésus kuwi setya marang Gusti Allah, kang wis miji Panjenengané ngayahi pegawéan kuwi, kaya déné Nabi Musa biyèn iya setya ing pegawéané kanggo umaté Allah kabèh.”Ugi ing andharan punika miji dateng nabi Musa ingkang setya mundi dawuhipun Gusti. Kasetyan punika kebak ing tanggel jawab, malah pangorbanan. Pangorbanan punika boten anamung bandha, tenaga lan panindak ananging ugi nyawa. Lumampahing kasetyan malah ugi kanthi nandhang cecingkrangan kasangsaraning gesang. Gusti Yesus lan nabi Musa dipun wewada, dipun mengsahi kaangkah patinipun.

Kasetyanipun Gusti Yesus punika dados berkah tumrap para pandherekipun, dados kakiyatan saha kasantosaning gesang dhateng sadaya pandherekipun. Anggeripun sami kumandel, mantep pracaya ing pangajeng-ajeng saha tansah setya nilingaken sabdanipun Gusti.

Kasetyaning Allah katampia kanthi kasetyan ugi. Kabucala was sumelang ing manah, tegena ndedonga, makaryaa  kathi kasantosan peparingipun Gusti. Babaring berkah Dalem Gusti punika sumrambah ndadosaken ayem lan kasantosaning lampah. Samya gumregah nyanggemi dhawuhipun dados seksinipun Gusti. Gesanga kanthi sembada ing ngarsanipun Gusti sesarengan kaliyan sesami. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ