Wilangan 21:4-9; Jabur 107:1-3, 17-22; Efesus 2:1-10; Yokanan 3:14-21
KANG KUMANDEL BAKAL LESTARI
“Pangeran paring pangandika sarta tumuli padha diwaluyakake,
padha oncat saka ing luwenging kubur”
(Jabur 107:20)
Iba bungahipun yen sadaya tiyang kawengku ing berkah katentreman lan karaharjan, kalis saking sadaya godha rencana lan bilahi. Sadaya punika dados gegadhanganipun tiyang agesang. Pangudinipun estu kanthi ngetogaken karosaning badan, jiwa sarta raga. Punapa kemawon ingkang wonten ing dhirinipun lan saged dipun tohaken estu badhe katindakaken murih oncat saking karupekaning gesang.
Juru Masmur mratelakaken bab anggenipun ngraosaken punika wau. Kumandelipun dateng pakaryan Dalem Gusti Alllah minangka kasantosaning gesangipun. Juru Masmur ugi mratelakaken bilih yen sami mirengaken Pangandikanipun Alllah lan karegem minangka sangu lan tlanjering gesang temtu badhe ndhatengaken berkah. Awit sabdanipun Allah kebak ing panguwaos, lan asih mirma. Pasambating para kang kaluwaran dening Gusti badhe tansah kapirengaken. Malah badhe kajurungan ing sedya lan panjangkahipun. Panjangkahing gesang kapratelakaken ing gesangipun kaunjukaken ing ngarsa Dalem Gusti kanthi tegen lan sumanggem ing panuntunipun Gusti Allah.
Gesanging para kagunganipun Gusti ingkang winengku sih-kamirahan lan kanugrahan punika dados paseksi anggenipun Gusti tansah migatosaken malah tansah nunggil ing gesang para kagunganipun. Yen kepareng naliti dhiri inggih makaten gesanging para kagunganipun, ingkang sampun nampi pangluwaran, pangentasan saking pamengkuning pati punika. Awit saking punika sami ngantepaken manah saha kapitadosanipun murih dados margining berkah, sih-rahmat tentrem rahayu malah raharjaning gesang. Ngunjukna raosing sokur kanthi sukarena. Ageng sihipun, ageng berkah pitulunganipun Gusti, sabar anggenipun nuntunparing kakiyatan saha paring panglipuran. Roh Dalem tansah nunggil ing gesanging para kagunganipun. Amin. |*AK