+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 13 Januari 2024 Minggu I Saksampunipun Epifani

I Samuel 2:21-25; Jabur 139:1-6, 13-19; Matius 25:1-13

 

LELADI KANTHI SETYA LAN WICAKSANA

“Prawan-prawan sing bodho mau nggawa diyane ora nganggo

nggawa lenga serepan dene prawan-prawan sing pinter, kajaba nggawa diyane, isih nggawa wadhah isi lenga” (Mateus 25:3-4)

 

Para pendherekipun Gusti Yesus katimbalan kedah sami samekta ing patrap lan sakparipolahing gesang. Kadosdene para prawan ingkang kaparingan ayahan methukaken rawuhipun Sang Temanten Kakung. Ing asalebeting pangrantos methukaken rawuhing Sang Temanten Kakung, sami kedah cecawis diyan ingkang murub. Menika ateges bilih gesang kita kedah nggadhahi iman kapitadosan ingkang tansah gesang.

Prawan sedasa ingkang gadhah tugas methukaken Sang Temanten Kakung menika nggambaraken para kagunganipun Gusti ingkang ugi sami katimbalan methukaken rawuhipun Gusti Yesus Kristus. Ing ngriki sikapipun prawan sedasa wau beda-beda. Bab wau ketingal saking anggenipun mbekta diyan ingkang murub. Prawan ingkang gangsal mbekta diyan kaliyanlisah cadhanganipun, dene prawan gangsal sanesipun boten mbekta lisah cadhangan.

Sikepipun prawan gangsal ingkang mbekta lisah cadhangan menika nggambaraken patrap ingkang wicaksana awit sarana mekaten prawan gangsal menika sami cecawis njageni menawi wonten kekiranganipun. Menika nggambaraken sikap ingkang wicaksana lan waspada anggenipun methukaken Sang Temanten Kakung, ingkang nyatanipun bhoten saged dipun mangertosi kapan rawuhipun. Kosok wangsulipun gangsal prawan sanesipun ingkang boten ambekta lisah cadhangan nggambaraken patrap ingkang boten prayitna lan waspada.

Pasemon wau paring piwucal dhateng kita ing salebeting ngrantos methukaken rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih. Kita sami kawucal supados nuladha prawan gangsal ingkang wicaksana ambekta lisah cadhangan. Sikep menika nggambaraken kapitadosan ingkang tansah jumaga, kanthi prayitna lan waspada ing salebeting gesang. Kita boten mangertos menapa ingkang badhe kelampahan lan kita alami ing salebeting gesang. Ingkang menika prayogi kita sami cecawis lan ngatos-atos ing sedaya pratingkahing gesang kita. |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ