+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 4 Desember 2023 Minggu Adven I

Mikha 4:1-5; Jabur 79; Wahyu 15:1-8

KEKIDUNGANE PARA SUCI

Aku banjur weruh rerupan katoné kaya segara kaca campur geni. Aku uga weruh wong-wong sing wis padha unggul enggoné perang karo si kéwan lan recané, sarta unggul ing ngatasé wong sing jenengé disebut nganggo angka. Wong-wong sing wis padha unggul kuwi padha ngadeg ana ing pinggiring segara kaca mau, karo padha nyekel clempung sing diparingaké déning Gusti Allah”.

(Wahyu 15:2)

Kula nate takon: Nalika nyawang wong liya endi sing luwih gampang, ngalem utawa nacad, memuji utawa nyaruwe, nggoleki sing becik utawa sing ala? Mangga katuran kita piyambak sami nitipriksa apa padatan sing kita tindakne lan dadi sikep kita ing urip bebarengan. Kamanungsan sing cidra kerep luwih gampang nglairake pasambat tinimbang ngaturake panuwun, nesu tinimbang sumarah, lan balik mbales tinimbang ngapura. Mung pengaken lan panelangsa awit ngrumangsani kasekengan lan karingkihan kita sing bisa ndadekne kita unggul saka dosa, ngrasuk kamanungsan anyar lan nunggil dadi umate Gusti Allah. Salawase urip ing donya kita tansah ngadhepi dosa kang nggeret manungsa ing kaluputan lan cidra. Nanging kwasa sihrahmate  Gusti nyantosakne kita bisa unggul lan menang saka dosa.

Ing tetingalan marang Rasul Yohanes, kagambarake wong-wong sing wis unggul iku padha nyekel clempung sing diparingake dening Gusti Allah. Clempung iku piranti musik sing nganggo kawat, kayadene gitar ing jaman saiki. Urip umat sing menang iku tansah ngrepekake kekidungan pamuji panuwun lan sokur ing ngarsane Gusti Allah. Clempung iku beda karo pedhang sing kanggo gaman ing paprangan. Clempung bebarengan karo kecer, slukat, suling, lan trompet iku piranti musik kang nggawa swasana dadi bungah, jejogedan, seneng-seneng lan kebak pamuji sokur.

Gegambaran wong sing unggul padha nyekel clempung sing diparingake dening Gusti Allah ngatag kita, supaya bebarengan karo para suci kang ngabekti marang Gusti, tansah milih mbabarake urip sing kebak pamuji, panuwun, sokur, lan pangalembana bab pakaryan sihrahmate Gusti kang kaluberake ing urip kita. Aja nganti ana wektu kanggo sambar ngresula lan ngrasani apa maneh nyinyir marang pepadha. Mangga tansah sami ngidungake pamuji panuwun lan sokur. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ