Ayub 39:13-25; Jabur 29; I Korinta 12:4-13
MBABAR PEPARINGIPUN SANG ROH SUCI
“Nanging saben wong kaparingan wedharane Sang Roh
kanggo kapreluaning wong akeh.”
(I Korinta 12: 7)
Wonten unen-unen ingkang mekaten: “pemberian mengandung penugasan.” Tegesipun, nalika kita dipun paringi, kita rumaos bilih wonten ayahan ingkang kedah kita tindakaken. Mekaten ugi nalika kita sami kaparingan karunia utawi kesagedan mirunggan saking Sang Roh Suci, kita kedah migunakaken kesagedan punika kangge kabetahanipun tiyang kathah. Kesagedan punika kedah kita babaraken kangge pambangunaning pasamuwanipun Gusti. Menawi boten kita ginakaken, kesagedan punika namung mandheg ing dhiri kita. Boten wonten ginanipun menawi boten kita babaraken ing satengahing pasamuwan.
Ing serat Korinta, kita saged nyumerepi manekawarni contonipun. Sae ingkang ketingal ngedap-edapi mekaten ugi ingkang ketingal limrah kemawon. Rasul Paulus negesaken bilih sedaya kesagedan mirunggan wau mijil saking Roh ingkang sami, inggih punika Sang Roh Suci. Sedaya kesagedan mirunggan wau kedah katujokaken kangge mbangun pasamuwan. Warganing pasamuwan ing Korinta kedah ngregani sedaya kesagedan wau sarta boten mbedak-bedakaken setunggal lan setunggalipun. Sedaya penting kangge gesanging pasamuwan.
Kados pundi tumrap Panjenengan sami lan kula? Punapa kesagedan ingkang Gusti paringaken kangge kita piyambak-piyambak? Punapa babagan seni, babagan olah karohanen, babagan tata kelola organisasi, saha manekawarni kesagedan kangge leladi sanesipun? Punapa kita sampun atur panuwun awit peparing punika? Punapa kita purun ngecakaken kangge leladi ing pasamuwan? Punapa kita purun mbabaraken kangge mbangun pasamuwan? Sumangga kita sami nggegilut sesarengan, bilih peparingipun Gusti punika ngatag lan mbereg manah kita sami supados giyak-giyak leladi ing satengahing umat.I*OHPN