+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 1 Juni 2023 Minggu Pantekosta

Ayub 38:1-11; Jabur 8; 2 Timoteus 1:8-12a

AMARGA SAKA INJIL

“Iya Injil iki kang netepake aku dadi juru pawarta, dadi rasul lan dadi guru.”

 (II Timoteus 1: 11)

Punapa ingkang saged kita sinau saking pangandikanipun rasul Paulus dhateng Timoteus ing waosan nginggil? Ingkang sepisan, timbalanipun Gusti tumrap rasul Paulus punika mligi awit saking sih rahmatipun Gusti, sanes saking kekiyatanipun. Ingkang kaping kalih, rasul Paulus nindakaken ayahan saking Gusti kanthi tumemen lan sayektos (totalitas). Ingkang kaping tiga, rasul Paulus punika abdi pelados ingkang sregep anggenipun sinau lan makarya satemah kapitados minangka rasul saha guru.

Pepanggihanipun kaliyan Gusti Yesus pancen sampun ngewahi gesangipun rasul Paulus. Ingkang swaunipun drengki samangke dados tresna kaliyan Gusti Yesus. Pawartosing Injil, kabar kabingahan bab pakaryanipun Sang Kristus, saestu neguhaken tekadipun. Piyambakipun badhe leladi sawetahipun, masrahaken sedaya gesangipun kagem ngladosi pakaryanipun Gusti. Piyambakipun boten kendhat anggenipun martosaken Injil dhateng kathah tiyang mirungganipun ingkang wonten ing sakjawinipun tlatah Israel. Piyambakipun ugi saestu nresnani pasamuwanipun Gusti ing pundi kemawon satemah tansah migatosaken kawontenanipun pasamuwan-pasamuwan wau. Kanthi patuwen saha lumantar serat-seratipun, rasul Paulus nggulawenthah sarta nuntun pasamuwanipun Gusti. Piyambakipun kaagem dening sang Roh Suci minangka guruning pasamuwanipun Gusti.

Pengalamanipun rasul Paulus punika mugi nggigah manah kita sami supados nggadahi adreng leladi ing satengahing pasamuwan kanthi sawetahipun. Kita sami ugi kabereg supados purun sami sinau satemah sangsaya dangu sangsaya kasagedna leladi. Kanthi mekaten, kita sami kajurung supados misungsungaken  ketrampilan kita, wawasan kita, saha sedaya gesang kita konjuk kagem kamulyanipun Gusti. Mugi Sang Roh Suci tansah tumedhak rawuh, manjing lan dhedhampar ing manah kita setunggal lan setunggalanipun sarta nyagedaken kita sami lumados minangka abdi ingkang setya tuhu. I *OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ