+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 27 April 2023, Minggu Paskah III

Pangentasan 2:15b-25; Jabur 23; I Petrus 2:9-12

SELA

“Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci,

umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake

kautamane Panjenengane…Kowe kang maune dudu umate Gusti Allah,

nanging saiki wus dadi umate, sing maune ora padha diwelasi,

nanging saiki wus tampa kawelasan” (I Petrus 2:9-10)

Manawi badhe mbangun griya, temtu kita langkung rumiyin mapanaken sela-sela “pondasi”-nipun. Sela punika temtunipun sela ingkang atos. Sangsaya atos sangsaya sae. Awit menawi mboten mekaten, bangunan ing saknginggilipun boten badhe kiyat. Bab punika temtu mbebayani sanget kangge tiyang ingkang sami manggeni.

Wonten ing serat I Petrus 2:4-5, Gusti Yesus ugi kagambaraken pindha sela ingkang sampun katampik dening manungsa, ananging salajengipun malah kapiji dening Gusti Allah dados “sela pepojoking pondasi” ingkang gesang saha aji. Sela punika ingkang ngraketaken sadaya “sela gesang sanesipun”, inggih kita sadaya punika, dados padaleman kasukman; minangka kaimaman ingkang suci, inggih Padalemaning Gusti Allah ingkang Maha Suci, kadosdene baluwartining Yerusalem ingkang enggal kalawau.

Gusti Allah ugi sampun netepaken kita, para kagunganipun, dados sela-selaning gesang. Tegesipun Gusti sampun miji lan kepareng ngagem umatipun dados pirantos kangge mbangun  padalemanipun. Mila saking punika, sumangga kita sami masrahaken dhiri kita dipun agem ing pakaryanipun Gusti. Saha tansah tumemen, estu-estu anggenipun martosaken kautamaning Sang Kristus ingkang sampun nimbali kita saking pepeteng dhateng pepadhangipun ingkang ngeram-eramaken. Awit kita samangke sampun kadadosaken dening Gusti minangka kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagunganipun Gusti Allah pribadi. Ingkang swaunipun sanes umatipun Gusti Allah, ananging samangke sampun dados umatipun Gusti. Ingkang sakderengipun mboten dipunwelasi, samangke sampun nampeni kawelasan. │*IWS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ