+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa,   14  Februari 2023 Minggu Limrah V

Pangandharing Toret 23:21-24:4, 10-15;  Jabur 119:9-16; Yakobus 2:1-13

MAWANG WONG

“He para sadulurku, sarehne kowe kabeh iku wong kang pracaya

marang Gusti Yesus Kristus, Gusti kita kang Mahamulya, anggonmu

ngetrapake pracayamu aja nganggo mawang wong.”

 (Yakobus 2:1)

Nalikanipun nyawang statusipun rencang wonten ing media sosial, badhea punika Face Book, Instagram punapa Whatsapp, asring tuwuh raos kumeren ing manah. “Ya gene uripe kanca-kanca sarwa kepenak, omahe anyar; tumpakane mobil, tas lan klambine bermerk (brandit). Prasasat saben dina olehe mlaku-mlaku lan andon dhahar ing restoran. Sajak sekeca lan mulya banget.” Napa malih menawi kanyatanipun gesang ingkang pinanggih benten malah kosok wangsulipun kaliyan statusipun kanca-kanca. Sarwa sangsara lan rekaos. Sarwa ngrantes kebak lara papa. Wusananipun ngraosaken menawi Gusti Allah boten adil dhateng piyambakipun.

Ing Serat Yakobus mratelaaken patrap pracaya dhumateng Gusti Yesus punika boten mawi mawang tiyang. Punika ateges kita namung ningali Gusti Yesus ing  salaku jantra kita.  Awit nalikanipun  mawang liyan,  mangke tundanipun namung gela lan kuciwa. Sabab saben tiyang sampun pikantuk kanugrahan piyambak-piyambak saking Gusti badhea rejeki, bagas kesarasan,  jodoh punapa dene kaapesan lan kabegjan. Napa malih tiyang  punika saged ewah ing manah lan gesang  karana maneka bab ingkang nempuhi. Manungsa ugi sarwi winates ing samukawisipun, boten jangkep.

Mekaten ugi manawi purun naliti kalawan tinarbuka, njingglengi awakipun piyambak ingkang  luwih kangelan lan rekaos, sarwa kacingkrangan katimbang tiyang sanes, asring dhatan trimah. Kamangka sedaya punika boten ateges kita pikantuk bebendhuning Gusti, utawi awit Gusti boten nresnani. Saged kemawon sedaya punika minangka ‘kawah candradimuka’ ingkang nggladi gesang kita langkung tegen, sabar lan langkung kumandel dhumateng Gusti. Sageda dados tepa tuladha, nalikanipun kaleres nampi kabegjan lan kanugrahan, sampuna ngantos ngasoraken pepadha. Kepara sageda sami paring panglipur kekiyatan lan pangajeng-ajeng, bilih bingah-sisah, sehat-sakit, begja-cilaka punika winengku ing astanipun Gusti, murih kaluhuraning asmanipun Gusti. Amin.|*AS

https://youtu.be/FkhcUTuXFZw

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ