+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 5 Januari 2023

Yusak 1:1-9; Jabur 72; Ibrani 11:32-12:2

TANSAH DITEGUH LAN DISANTOSA
“Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh?
Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah,
Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.”
(Yusak 1:9)


Kasantosan lan kateguhaning tekad badhe mahanani lampahing gesang ingkang sae ing tembe. Boten badhe mangu-mangu anggenipun jumangkah lan nemtokaken samukawis bab ing gesangipun. Ngadhepi mawerni-werni pepalang boten badhe ajrih, boten badhe miyur ing manah, boten ajrih kangelan, suthik ing pandamel kesed.
Sang Senapati Yusak nalikanipun kapiji Gusti ngirid bangsa Israel, taksih timur. Rumaos kirang seserepan, boten gaduk ing pamawas, mangu-mangu anggenipun mimpin bangsa Israel, Ing kawontenan ingkang makaten, Gusti Allah paring pangenget bab dhawuhipun lan prasetyanipun. Inggih punika, “supados tansah disantosa lan diteguh”. Tansah kumandel kalawan wetah kanthi dhawuhipun; “aja giris lan semplah”. Pikekah prajanjianipun Gusti kaprasetyakaken malih dhateng senapati Yusak. Awit ing tembe, piyambakipun badhe ngadepi bebaya lan paperangan. Nelakaken bilih netepi tanggel jawab punika awrat lan boten gampil. Awit injih namung saking pikekahing prajanjinipun Gusti punika Senapati Yusak nindakaken dhawuhipun Gusti, mimpin bangsa Israel tumuju tanah prasetyan, Kanaan.
Minangka umatipun Gusti, kita kedah nitipriksa kawontenaning lampah lan ancasing gesang. Tansah kemutan berkah lan panuntunipun Gusti. Punika boten ateges pasrah bongkokan dhumateng Gusti. “Mangga borong, Gusti!” ananging supados kita boten kecalan ener lan ancasing gesang sarta mbakuhaken malih lampah gesanging kapitadosan kita. Nalikanipun pinuju mangu-mangu lan kecalan greget, kumandela bilih Gusti tetep njangkung lan mitulungi. Ngantepaken lan sangsaya neguhaken kapitadosan kita, ing pangandika lan prasetyanipun Gusti Allah. Kanthi makaten kita saged tansah
mimpang lan unggul ing lampah ngadhepi sadaya pepalang lan ruwet rentenging gesang ingkang tansah ewah-gingsir punika. “Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.” Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ