+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 11 November 2026 Minggu Limrah

Yoel 3:9-21; Jabur 63; Mateus 24:29-35

PRATANDHA RAWUHIPUN GUSTI
“Padha nampanana piwulang saka wit anjir kang mangkene: Manawa
pang-pange memes lan wiwit semi, kowe padha ngreti, yen wis meh
mangsa panas.”
(Mateus 24:32)
Gusti Yesus badhe rawuh! Punika pepenget ugi prasetya. Tamtu kemawon
bab punika dados perkawis ingkang mbingahaken awit kita minangka tiyang
pitados badhe nampi kamulyan nalika Gusti Yesus rawuh ingkang kaping
kalihipun. Awrating momotan lan kangelan ing gesang ingkang kita lampahi
tamtu mboten saged kabandhingaken kaliyan kamulyan ingkang badhe
dipun tampi dening para putraning Allah. Lajeng kadospundi kita kedah
nyawisaken dhiri?
Rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih punika dados prastawa
ingkang agung lan mulya, ingkang nggegeraken sedaya manungsa ing
donya. Awit badhe wonten ewah-ewahan ekstrim wonten ing bumi menika.
Kitab suci nggambaraken kanthi cetha bilih “srengenge bakal dadi peteng,
rembulan ora sumunar lan lintang-lintang padha tiba saka ing langit sarta
pikukuhing langit bakal pada gonjang-ganjing.” (Matius 24:29 kabandhingaken
Yoel 3:15-16). Ananging dhateng tiyang pitados, Gusti Yesus ngandika:
“Padha nampanana piwulang saka wit anjir kang mangkene: Manawa pang-
pange memes lan wiwit semi, kowe padha ngreti, yen wis meh mangsaa
panas” (Mateus 24:32).
Kita sedaya kaengetaken supados siyaga lan waspada sarta nanggapi
kanthi olah gesang wonten ing salebeting pambangun turut lan kasetyan
dhateng Gusti. Rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih punika minangka
hakim ingkang badhe ngadili sedaya bangsa. Tumraping tiyang pitados tamtu
kita badhe kawilujengaken awit namung Gusti ingkang dados pangungsen
lan beteng kita (Yoel 3:16b). Pramila sumangga kita tansah ngugemi
kapitadosan kita kanthi nyinau pangandikanipun Gusti sarta nglampahi
gesang adhedhasar pangandikanipun Gusti. Mugi kita sedaya kasagedaken
tansah waspada ing salebeting pandonga, supados kita mboten lena ananging
nggadhahi kekiyatan lan kawicaksanan kangge ngadhepi dinten-dinten
ingkang badhe kalampah. Amin. |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *