Yoel 1:1-14; Jabur 63; 1 Tesalonika 3:6-13
SANTOSANING MANAH
“Muga Panjenengane karsaa nyantosakake atimu, supaya tanpa cacad
lan suci ana ing ngarsane Gusti Allah iya Rama kita besuk samangsa Gusti
Yesus, iya Gusti kita, rawuh ginarebeg ing sakehe para suci kagungane”
(I Tesalonika 3:13)
Wonten ing gesang padintenan kita asring mrangguli wolak waliking
swasana tuwin kahanan ingkang boten nyekecakaken manah. Kadhang kita
kedah ngraosaken punapa ingkang dados pangupaya lan pangupadi kita
boten ngasilaken punapa-punapa. Ing kamangka sadaya cara sampun kita
lampahi nanging marginipun taksih buntu. Kita lajeng ngraosaken semplah
lan sayah awit pambudidaya namung nglaha lan muspra, sampun boten
wonten ingkang saged kita andelaken lan kita nyerah dhateng kawontenan.
Seratan punika mratelakaken raos bingah lan sokuripun Rasul Paulus
ing salebeting nandhang sisah lan sangsara. Sinaosa kahananipun sarwi
winates ing pakunjaran, ing papan ingkang ciyut nanging greged semangatipun
lan imanipun rasul Paulus panggah kiyat. Kasantosaning manahipun punika
amargi sadherek ing kitha Tesalonika sangsaya mindhak dhiwasa lan sae.
Boten wonten perkawis ingkang mokal sarta boten wonten ingkang saged
matesi sarta ngalangi pakaryanipun Gusti. Tetela pakaryaning Injil tetep
lumampah lan sangsaya mekar ing pundi-pundi papan. Paulus boten nate
kendhat lan tansah tegen ing pandonga siyang lann dalu. Sanyata Gusti
Allah tansah campur asta wonten salebeting pakaryaning Injil ingkang saya
sumebar lan mekar.
Saking punika kita mangertosi bilih kasantosaning manahipun rasul
Paulus punika amargi pitulunganipun Gusti. Sinaosa swasana lan kahanan
boten sae, sarta kadosipun boten wonten margi luwar nanging tumraping
Gusti boten wonten ingkang mokal. Gusti kuwasa paring margining pangluwaran.
Pramila sampun ngantos kendho lan semplah ing pandonga, awit punika
badhe nuwuhaken kasantosaning manah. Pitadosa, Gusti paring kasantosan
kangge kita nglangkungi kathah perkawis lan pepalang ing gesang kita.
Satemah kita badhe kasagedaken ngrengkuh berkahipun Gusti ingkang
sampun cumawis. Amin. |*DAS
