1 Samuel 2:27-36; Jabur 43; Rum 2:17-29
DIGUGU LAN DITIRU
”Banjur kapriye mungguhing kowe, kang mulang wong liya, apa kowe ora
mulang awakmu dhewe? Kowe kang mulang: Aja nyolong, yagene kowe
dhewe kok nyolong?” (Rum 2:21)
Wonten ing kerata basa Jawi, guru punika “digugu lan ditiru”. Dados
guru punika prayoginipun memulang ingkang prayogi kagem para murid.
Guru saderengipun mucal temtu kedah persiapan langkung rumiyin.
Langkung malih wonten ing model kurikulum merdeka utawi kurikulum
nasional, guru kedah nyawisaken kanthi saestu saben materi ingkang badhe
dipun wucalaken. Sedaya pirantos, bahan ajar, kedah selaras kaliyan tema. Mila,
guru punika saderengipun mucal sampun kedah sinau langkung rumiyin lan
mangertos saestu punapa ingkang badhe kawulangaken dhateng para murid.
Ing waosan Rum 2:21, Rasul Paulus paring pemut dumateng pasamuwan
ing Rum. Rasul Paulus miji bilih kathah tiyang ingkang antawisipun piwucal
lan kasunyatan boten selaras. Tiyang saged mucal supados boten nyolong,
ananging piyambakipun malah ingkang nyolong. Tiyang ingkang mucalaken
supados boten laku bedhang, pranyata malah piyambakipun ingkang laku
bedhang. Menawi sampun mekaten, punapa tiyang kados mekaten saged
kawastanan minangka guru ingkang sae? Boten. Malah kepara boten pantes
dados ingkang digugu lan ditiru.
Menawi kita wantun mucalaken satunggal perangan dhateng tiyang
sanes, ateges kita piyambak sagah ngestokaken isining piwulang punika.
Dene menawi kita mucalaken satunggal perangan ingkang sae, kita kedah
ugi ngalami rumiyin nindakaken perangan ingkang sae punika. Para murid
punika ningali langsung punapa ingkang dipun tindakaken dening
gurunipun. Murid asring ugi ndadosaken guru minangka tuladha gesang.
Mila, sampun ngantos kita minangka guru ananging tumindak kita boten
sembada. Sampun ngantos tumindak kita lan pangucap kita benten bilih
dipun bandhingaken. Sumangga, kita mapanaken dhiri minangka tiyang
ingkang “digugu lan ditiru”, sampun ngantos malah “wagu tur saru”. |*WAS
