Pangandharing Toret 6:1-9, 20-25; Jabur 119:41-48; Yakobus 2:8-13
KAWELASAN
”Awitdene tumindake pangadilan iku bakal tanpa welas ing ngatase wong
kang ora nglakoni kawelasan. Nanging kawelasan iku bakal unggul lawan
pangadilan” (Yakobus 2:13)
Ing negari Indonesia, wonten ingkang mastani bilih “hukum itu tumpul
ke atas tapi tajam ke bawah” ingkang nggadhahi teges bilih pranatan/
hukum punika namung landhep kangge warga masyarakat, ananging
tumrap para pangarsa kados-kados kethul. Pamanggih punika tuwuh awit
wontenipun sawatawis tiyang ingkang rumaos boten marem kaliyan
kawontenan hukum ing nagari kita. Tuladha kemawon, ingkang nyolong
pitik paukumanipun meh sami kaliyan ingkang nyolong artanipun negari
(korupsi). Menawi ingkang nindakaken panerak tiyang ingkang nggadahi
kalenggahan, taksih saged mesam-mesem. Kawontenan punika nedahaken
menawi paugeran/hukum ing nagari punika gampil ditumbas kaliyan arta.
Ananging punapa ingkang kalampahan panci kados makaten?
Waosan Yakobus 2:13 ngemutaken kita bilih wonten satunggal perangan
ingkang asring kasupekaken dening manungsa, inggih punika bab kawelasan.
Welas asih punika dayanipun langkung ageng tinimbang paukumaning
manungsa. Welas asih ndadosaken manungsa saged ngudi supados gesangipun
ngarah dhateng margining kaleresan. Bilih wonten pangadilan ingkang
boten adil, punika dados tanggeljawabipun tiyang ingkang ngadili punika
piyambak. Ananging kawelasan, punika langkung saking pangadilan.
Kawelasan punika ndayani, mulihaken, lan nuwuhaken belaraos ingkang ageng
ing manahipun manungsa ingkang saestu nindakaken welas asih punika.
Kita tiyang pitados, kita temtu langkung wanuh kaliyan prinsip kawelasan
punika. Kawelasan punika saestu ndayani gesang kita bilih kita ngestokaken
ing gesang padintenan. Langkung malih, kawelasan punika ingkang badhe
ndadosaken kita manungsa kanthi wetah, sanes manungsa kadosdene mesin.
Manungsa kedah kagungan kawelasan nglangkungi pranatan lan hukum. |*WAS
