Kaimaman 19:1-2, 15-18; Jabur 1; 1 Tesalonika 2:1-8; Mateus 22:34-46
INGKANG UTAMI PUNIKA KATRESNAN
”Ana siji panunggalane wong-wong mau, yaiku ahli Toret, sing arep nyoba
marang Panjenengane,matur pitakon: “Guru, angger-angger ing
salebeting Toret punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?”
(Mateus 22:35-36)
Kadospundi kita mastani satunggaling tiyang ingkang sejatosipun
sampun mangertos wangsulan saking satunggaling pitakenan, ananging
taksih meksa taken dhateng tiyang sanes? Kita saged mastani tiyang punika
nembe “nyobi”. Wonten ing waosan Mateus 22:34-46, kita maos wonten
Ahli Toret ingkang kepengin nyobi dhateng Gusti Yesus. Ahli Toret punika
temtu sampun wanuh kaliyan isining Toret. Mila, anggenipun taken namung
saderma nyobi, supados nalika Gusti Yesus pinanggih boten saged paring
wangsulan, lajeng dados wewengan kangge ndhawahaken Gusti Yesus ing
ngajengipun tiyang kathah.
Ananging pranyata Gusti Yesus paring wangsulan ingkang ngeramaken.
Gusti Yesus negesaken babagan katresnan dhateng Allah lan dhateng
sesami. Katresnan punika ingkang dados lambaraning sedaya angger-
anggering Toret. Gusti Yesus ngemutaken Ahli Toret kalawau, bilih sedaya
pranatan ing Toret punika kedah dipun estokaken kalayan katresnan, sanes
amargi pranatan punika piyambak. Pranatan didamel kangge mitulungi
gesangipun manungsa, boten supados manungsa kajiret lan kawratan
amargi pranatan punika piyambak. Ing kasunyatanipun, umat Israel sami
kawratan anggenipun ngestokaken pranatan Toret amargi boten wonten
katresnan ingkang nglambari pranatan punika.
Ing gesang padintenan kita, mbok menawi kita ugi asring manggihi
pranatan-pranatan ing masyarakat kita. Kalamangsanipun pranatan punika
namung saderma dipun damel, tanpa raos kamanungsan ingkang dados
dhasaripun. Kamangka, kita sesarengan katata dening pranatan punika
supados gesang sesarengan ing masyarakat saged kanthi rukun lan prayogi.
Sumangga kita boten namung ngestokaken bab pranatan, ananging ugi ing
bab katresnan. |*WAS
