+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 20 September 2026 Minggu Limrah

Yunus 3:10-4:11; Jabur 145:1-8; Filipi 1:21-30; Mateus 20:1-16

MERI DHATENG ALLAH
“Apa aku ora wenang nganggo duwek-duwekku dhewe sakarepku? Apa
kowe meri, dene kowe kok loma”
(Mateus 20:15)

Sakjane Trisno meri nyawang kanca-kancane wis numpak sepeda montor
mangka dheweke mung ngonthel. Batine ngucap: “Kenangapa bapak ora
dadi pegawe sing sugih supaya bisa nukokake aku sepeda motor?” Nanging
suwene-suwe Trisno bisa ngrumangsani yen uwong bisa dadi pegawe karo
wong tani iku kabeh peparinge Allah. Uwong dadi pegawe merga ora duwe
sawah lan ora betah macul; dene uwong nyambut gawe tani kuwi merga
duwe sawah lan ora betah sekolah nganti dhuwur. “Paling ora yen ngonthel,
gawe aku sehat”; mangkono Trisno mupus rasa merine.
Nekseni pamratobating tiyang Niniwe, nabi Yunus boten remen.
Piyambakipun kapengin Niniwe nemahi bilai supados boten mbebayani
tumraping bangsa Israel. Kanthi raos pegel ing manah nabi Yunus tindak
medal saking kitha lan damel gubug, ngentosi ingkang badhe kelampahan.
Gusti Allah lajeng nukulaken wit jarak ing sedalu nanging lajeng pejah ing
saklebeting sedalu ugi. Nalika pirsa bilih nabi Yunus nepsu awit wit anjir
ingkang sanes gadhahanipun lan sanes rimatanipun, Gusti Allah nedahaken
katresnanipun dhateng tiyang NIniwe ingkang katitahaken lan tansah
karimat saktemah boten lila menawi nemahi bilai. Punika ugi cundhuk
kaliyan pasemonipun Gusti Yesus ingkang nedahaken bilih manungsa boten
wenang meri nalika piyambakipun sampun dangu mratobat lan sampun
dangu anggenipun nedahaken bekti dhateng Gusti Allah, nanging Gusti
Allah lajeng karsa paring pangapunten lan kawilujengan dhateng sesami
ingkang kantun anggenipun mratobat.
Gusti Allah kanthi katresnanipun ngersakaken saben tiyang mratobat,
nilar lampah gesang ingkang cengkah kaliyan karsaning Allah lan wangsul
dhateng margining Allah saktemah nampi kawilujengan. Manungsa sampun
ngantos meri, nanging kedahipun tumut bingah nalika ningali sesaminipun
nampi kawilujengan saking Allah. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *