Kaimaman 16:1-5,20-28; Jabur 119:65-72; Mateus 21:18-22
GESANG NGEDALAKEN WOH
“Padha sanalika wit anjir mau dadi garing”
(Mateus 21:19c)
Sakwise telung sasi, Trisno pindhah kos neng daleme pak Majelis.
Nalika bali neng kos lawas kanggo njupuk barang sing kari, jebul kanca sing
manggon neng sisihe kamar nembe opname merga kena Demam Berdarah.
Dene kancane sing neng sebelah kana digrebeg wong kampung merga
konangan nglebokake kanca nginep neng kamare. Trisno rumangsa begja
dene nadyan olehe manggon saiki rada adoh saka kampus, nanging dheweke
bisa luwih ayem merga kahanane luwih resik lan aman kang iku ndadekake
kepenak anggone ngaso lan sinau.
Kacariyos Gusti Yesus nyupaosi wit anjir ingkang boten ngeladaken
woh. Wit anjir punika umumipun dados eyoman ing tlatah Israel nalika semanten;
kados dene kersen utawi talok ing mriki. Bedanipun, anjir wohipun punika
mangsan lan nalika semanten dereng mangsanipun ngedalaken uwoh.
Sinaosa mekaten, Gusti Yesus tetep nyupaosi saktemah sanalika dados
garing. Boten ateges Gusti Yesus boten pirsa mangsa, nanging ingkang
kelampahan punika minangka pasemon tumraping bangsa Israel ingkang
boten ngedalaken woh ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah sinaosa
binerkahan tanah prajanjian ingkang gemah-ripah loh-jinawi. Kepara nalika
Gusti Allah ngrawuhi umatipun, bangsa Israel boten wanuh, boten pitados
lan ngudi nyedani ingkang rawuhipun badhe milujengaken.
Prastawa wit anjir punika ngengetaken dhateng sih-kamirahaning Allah
ingkang tansah kaluberaken dhateng umat. Mila sampun jamak-lumrahipun
menawi umat caos sokur dhateng Allah kanthi mujudaken gesang ingkang
jumbuh kaliyan karsaning Allah. Pancen punika ingkang kakersakaken dening
Gusti Allah saking para kagunganipun. Kados dene lare ingkang kapengin
mujudaken pamatur nuwun dhateng tiyang sepuh ingkang sampun nyekolahaken
kanthi temen sinau, oramila mekaten ugi umat sumedya mujudaken gesang
ingkang ngedalaken woh ingkang damel renaning Allah. |*GPY
