Yehezkiel 24:1-14; Jabur 119:33-40; 2 Korinta 12:11-21
TEKUN
“Awit saka iki aku kalawan bungah ngetohake barang darbeku,
malah ngetohake awakku kanggo kowe kabeh…”
(2 Korinta 12:15a)
Nalika sepisanan, Trisno seneng nyambut gawe neng Perpustakaan.
Kejaba tambahan sangu, dheweke uga entuk kanca akeh saka jurusan-jurusan
liyane. Nanging suwene suwe, dheweke bosen lan kerep ngalamun merga
kangen karo wongtuwane lan kanca-kancane neng omah. Trisno uga kepingin
bisa ngrasakake turu angler tanpa mikir gaweyan lan tugas-tugas kuliah.
Boten gampil wongsal-wangsul nindakaken ayahan ingkang sami ing
saklebeting wekdal ingkang dangu. Tiyang dados bosen lan supe dhateng
gegayuhanipun saktemah kecalan krenteg mbudidaya mujudaken gegayuhan
punika. Kawontenan punika damel manungsa boten saged mujudaken
ingkang dados gegayuhanipun.
Pasamuwanipun Gusti saged sami sinau dhateng Rasul Paulus ingkang
paring tuladha tetep tekun nindakaken ayahan peladosanipun sinaosa
ngadhepi kawinatesan. Sampun kondhang bilih Rasul Paulus punika gadhah
samben minangka tukang damel tendha kangge nyekapi kabetahan anggenipun
martosaken Kabar Kabingahan. Ewasemanten, wonten kemawon tiyang-tiyang
ingkang awit sami boten remen lajeng ndakwa bilih Rasul Paulus nindakaken
ayahan peladosan punika kanthi boten tulus awit nggadhahi kapentingan
pribadhi; inggih punika mengini bandhanipun tiyang-tiyang ingkang sami
dipun ladosi. Mila Rasul Paulus ing seratanipun nandhesaken bilih pasamuwan
kaaanggep minangka lare ingkang kedah dipun cekapi dening piyambakipun
minangka tiyang sepuh. Patrap ingkang mekaten damel Rasul Paulus kanthi
ngetohaken sakwetahing gesang tetep tekun anggenipun nindaken ayahan
peladosan sinaosa ngadhepi panyaruwe. Gusti Allah ugi tekun nindakaken
pakaryan kawilujengan sinaosa wongsal-wangsul manungsa mbalela,
mangkotaken manah lan dhawah ing dosa. Nanging awit Gusti Allah lan
Rasul Paulus tekun, sangsaya kathah tiyang ingkang mratobat lan
manggihaken kawilujengan. Mila sumangga sami ngetoh kesagedan kanthi
tekun, mbudidaya supados asmanipun Gusti Allah kaluhuraken. |*GPY
