Yeremia 17:5-18; Jabur 17; Mateus 12:22-32
MILIH
“Binerkahan wong kang kumandel marang Sang Yehuwah,
lan pangarep-arepe marang Sang Yehuwah.”
(Yeremia 17:5)
Trisno bingung amarga ngrumangsani yen sangune cupet, dheweke ora
bisa kekerepen anggone mulih. Sangune cetha ora cukup lan menawa
njaluk imbuh malah sangsaya dadi momotane wongtuwa. Mula Trisno milih
melu nyambut-gawe neng Perpustakaan. Pancen dheweke dadi arang
mulih. Nanging, dheweke bisa dadi cepet golek buku sing dadi kabutuhane
lan bisa ngentheng-entheng momotane wongtuwa merga oleh imbuhan
sangu saka anggone nyambut gawe.
Manungsa kedah wicaksana anggenipun netepaken pilihaning gesangipun.
Tiyang Yehuda nampi pepenget saking Gusti Allah lumantar nabi Yeremia
supados sami netepaken pilihan kanthi wicaksana; inggih punika badhe
nampi ipat-ipat saktemah nemahi bilai menawi boten sami mratobat, utawi
sami purun mratobat wangsul dhateng Gusti Allah saktemah binerkahan.
Nanging eman dene nalika semanten tiyang Yehuda sami mangkotaken
manah saktemah katelukaken, karayah, karangket lan kadadosaken bandhangan
dening tiyang Babil.
Pancen boten gampil milih. Menawi leres pancen damel bingah; dene
menawi lepat, badhe kapitunan. Mila manungsa mbetahaken pitulungan
lan kawicaksanan saking Gusti Allah. Sadaya badhe prayogi sinaosa ewed
menawi sami mbangun turut. Nanging menawi sami nggugu pikajengipun
piyambak, manungsa sampun wantun nglawan Gusti Allah. Punika samidene
kaliyan para pangarsaning agami Yahudi ingkang nganggep bilih Gusti Yesus
punika balanipun beelzebub nalika nundhung dhemit. Sami nganggep mekaten
awit ngrumaosi boten nggadhahi panguwaos ingkang mekaten saktemah
ajrih kasoran lan kecalan pandherek. Tumindak wangkot damel tiyang-
tiyang punika sami cinadhang nampi paukuman.
Saking cariyos punika para pandhereking Sang Kristus kaemutaken
supados wicaksana netepaken pilihan kanthi masrahaken dhiri kaereh
dening kawicaksananing Allah saktemah uwal saking tumindak dosa lan
paukuman, nanging sageda nampi berkahing Allah. |*GPY
