Ayub 36:24-33; Jabur 18:1-19; Mateus 8:23-27
SAREH ING SATENGAHING PRAHARA
“Dumadakan ana prahara ing sagara kono, praune nganti ketungkeban
ing ombak, nanging Gusti Yesus sare.” (Mateus 8:24)
Ing kawonten nggegirisi ingkang saged damel gesang manungsa cilaka,
kathah tiyang ingkang ngraosaken ajrih lan semplah. Raos ajrih lan semplah
asring damel kawontenan punika sangsaya nggegirisi. Saking waosan Injil
Mateus 8:23-27 punika kita nampi piwulang, menawi ngraosaken kawontenan
ingkang nggegirisi kados prahara, kita kedah sareh ing manah. Manah ingkang
sareh punika nyagedaken manungsa nglampahi tumindak ingkang wicaksana.
Sareh ing manah punika dipun wulangaken dening Gusti Yesus nalika nitih
prau sesarengan kaliyan para sakabatipun. Rikala semanten Gusti Yesus nembe
sare ing prau. Dumadakan wonten prahara. Para sakabat ingkang ugi wonten
ing prau punika sami ajrih awit prahara punika ndadosaken prau ketungkeban
ing ombak. Awit para sakabat boten sagen ngendhaleni prau, lan ngraosaken
ajrih, para sakabat nyenyuwun supados Gusti Yesus wungu lan paring pitulungan.
Beda kaliyan para sakabat ingkang ajrih, Gusti Yesus namung paring
pangandika, “Yagene kowe padha wedi, heh, wong kang cupet pangandel?”
Sasampunipun Gusti Yesus ngandika mekaten lajeng jumeneng lan ndukani
angin sarta seganten, lajeng sirep (ayat 26). Saking ngriku kita saged nyinau
bilih kanthi sikep ingkang sareh, boten ajrih lan boten kuwatos, ananging
saestu pitados dhumateng panguwaosipun Gusti, kita badhe nampi pitulungan.
Sadaya kawontenan ingkang nggegirisi mesthi saged dipunkendhaleni, lan
saged kalampahan kanthi prayogi .
Manah ingkang sareh ing satengahing prahara njalari kita saged namtokaken
bab ingkang keah dipun lampahi, supados prakawis awrat saged rampung.
Kosokwangsul, raos ajrih lan semplah malah saged ndamel kawontenan
sangsaya awrat lan boten saged dipunkendhaleni. Kanthi manah ingkang
sareh, kita ugi saged mawas bab ingkang langkung prayogi, nindakaken ayahan
kanthi wicaksana, lan saged ngrampungaken prakawis awrat ing gesang kita.
Gusti mesthi mitulungi. |*YCK
