+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 11 Agustus 2026 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 19 :1-29; Jabur 18 : 1-19; Rum 9: 14-29

NAMPI KAADILANIPUN GUSTI
“Yen mangkono, apa ang bakal kita gunem?
Apa Gusti Allah ora adil? Mokal!”(Rum 9:14)

Sila kaping gangsal ing Pancasila inggih punika: “Keadilan sosial bagi
seluruh rakyat Indonesia”. Sila punika mratelakaken bilih kaadilan prayogi
dados dhasar tumrap gesangipun bangsa Indonesia, sae punika para pamimpin
dalah warganing negari. Kanyatanipun boten gampil manggihi tiyang ingkang
saestu adil. Kathah prekawis lan kapentingan ingkang saged njalari tiyang
boten tumindak adil ing gesanganipun.
Ingkang prayogi dados pathokan ing bab kaadilan punika Gusti Allah
piyambak. Gusti dipun sebat ingkang Maha Adil awit pancen kaadilanipun
Gusti punika sampurna tumrap gesang manungsa dalah titah sanesipun.
Rasul Paulus paring piwulang dhateng pasamuwan ing kitha Rum bab
kaadilanipun Gusti. Gusti mesthi netepi kaadilan tumrap para tiyang pitados.
Ingkang asring kalampahan inggih punika manungsa boten saged mawas
kaadilanipun Gusti. Kawontenaning manungsa punika dipun watesi kaliyan
wekdal. Mila, manungsa dereng temtu saged ningali pakaryanipun Gusti kanthi
sawetahipun. Kaadilanipun Gusti punika nglangkungi wekdaling manungsa
ingkang winates punika. Gusti Allah kepareng miji bangsa Israel punika wujuding
kaadilanipun Gusti. Nampi lan yakin ing kaadilanipun Gusti punika dados
prakawis ingkang wigati supados pakaryanipun Gusti saged kalampaham
ing gesanging manungsa.
Kita sami taksih gesang dumugi ing wekdal punika ugi awit kaadilanipun
Gusti. Piwucalipun Gusti saged kita tampi ing wekdal punika, ugi karana
kaadilanipun Gusti, ingkang ngungkuli wekdal lan papan. Minangka tiyang
pitados, kita katimbalan dados paseksi bab kaadilanipun Gusti ingkang tansah
wonten ing jagad punika. Sinaosa sacara kajasmanen kita ugi rumaos dereng
saged ningali kaadilan ing nagari kita, ananging kanthi kapitadosan kita
dhumateng Gusti, kaadilan ing nagari punika mesthi badhe kalampahan kanthi
sampurna. Mugi kita tansah kaparingan kasagedan nindakaken ayahan lan
tanggel jawab kita ing negari punika, satemah dados berkah tumrap bangsa
lan nagari Indonesia, lan kaadilanipun Gusti badhe kalampahan. Gusti mesthi
mitulungi. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *