Purwaning Dumadi 7:11-8:5; Jabur 18:1-19; 2 Petrus 2:4-10
DADOS TIYANG MURSID
“Dadi tetela, manawa Pangeran mirsa carane ngentasake wong mursid
saka ing godha rencana” (2 Petrus 2:9a)
Manungsa punika mesthi gadhah pilihan ing gesangipun. Pilihan ing gesang
punika sesambetan kaliyan bab ingkang sae utawi awon. Pilihan ingkang sae
punika dipundhasari kanthi krenteg sumadya nindakaken dhawuhipun Gusti
Yesus. Kosokwangsul, pilihan ingkang awon punika cengkah kaliyan kersanipun
Gusti. Tiyang ingkang nindakaken dhawuhipun Gusti dipun sebat tiyang ingkang
mursid. Tiyang ingkang lumawn dhumateng Gusti punika dipunsebat tiyang
ingkang lamis. Gesang minangka tiyang mursid asring katingal langkung
angel tinimbang gesangipun tiyang lamis ingkang langkung gampil. Punika
dados tantangan tumrap tiyang ingkang ndherek Gusti Yesus.
Ing Kitab Suci kaserat kados pundi awrating gesangipun Nuh nalika kathah
tiyang ingkang sami tumindak awon. Mekaten ugi gesangipun Lot lan brayatipun
nalika gesangipun tiyang ing kitha Sodom lan Gomora sami nasar. Nuh lan
Lot punika tuladha kangge kita, awit saged njagi kamursidan ing gesang
murih tetep setya dhateng Gusti, satemah Nuh lan Lot saged gesang rahayu
nalika jagad punika dipunukum dening Gusti.
Seratipun Rasul Paulus ugi ngengetaken kita bilih wonten wekdalipun
para nabi lan guru palsu badhe sami dumugi. Para nabi lan guru palsu punika
badhe mulang bab ingkang cengkah kaliyan piwucalipun Gusti. Sinaosa katingal
sekeca lan gampil dipun tindakaken, nanging boten badhe ndhatengaken gesang
langgeng. Rasul Petrus ugi paring paseksi supados tiyang-tiyang pitados tetep
setya nindakaken dhawuhipun Gusti, sinaosa awrat anggenipun nglampahi.
Gusti badhe paring karahayon tumrap tiyang ingkang mursid.
Ing wekdal samangke langkung gampil tiyang nampi piwulang-piwulang
saking jagad punika. Lumantar media sosial sadaya bab ingkang wonten ing
jagad punika saged dipuntingali. Sarana mekaten tiyang pitados saged kecalan
kapitadosanipun dhateng Gusti, awit wonten piwulang-piwulang ingkang
beda. Kita pancen dipunparingi kamardikan kangge namtokaken pilihan ing
gesang. Ananging kita kaatag tansah namtokaken pilihan ingkang cundhuk
kaliyan karsanipun Gusti Yesus. Kanthi gesang dados tiyang ingkang mursid,
kita badhe kaparingan gesang langgeng. Gusti berkahi kita sadaya. |*YCK
