+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 29 Juli 2026 Minggu Limrah

Wulang Bebasann 1:1-7; Jabur 119:121-128; Markus 4:30-34

WIJINE CILIK DEWE, TUWUHE PALING GEDHE
“Iku kayadene wiji sesawi kang nalika disebar ing lemah, iku wujude cilik
dhewe saka sakehing wiji ing bumi. Nanging bareng wis disebar, banjur
tuwuh lan dadi gedhe dhewe saka sakehing sayuran sarta ngetokake pang
kang gedhe-gedhe, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha bisa
nusuh ana ing ayomane.” (Markus 4:31–32)

Gusti Yesus ngandharaken pasemon bab Kratoning Allah, dipun gambaraken
kados dene wiji sesawi, wiji ingkang paling alitk piyambak ingkang dipun
tandur ing pasiten. Nanging, sanadyan lembut lan alit sanget, nalika sampun
tuwuh, wiji punika saged dados taneman ageng ingkang ngedap-edapi lan
maringi pangayoman dhumateng kéwan ingkang sami ngayom ing pang-
pangipun. Pasemon punika nyariyosaken kadospundi pakaryan Allah asring
dipun wiwiti kanthi prasaja lan boten katingal, nanging saksampunipun
lumampah dening wegdal lan pambudidya becik kagem nglampahi pakaryan
punika, ngetingalaken ewah-ewahan ingkang ngedap-edapi; sangsaya tuwuh,
majeng, lan ngrembakaning pakaryan agung punika.
Wiji sesawi punika mujudaken pralambang kawontenaning gesang
kapitadosan kita; ingkang tuwuhipun saking sumebaring Sabdanipun Gusti
lan dipun lajengaken kanthi tumindak ingkang jumbuh kaliyan isining Sabda
kala wau. Asring manungsa nganggep remeh laku-laku kabecikan alit nanggapi
Sabdanipun Gusti ingkang katampi. Kamangka saben tumindak punika saget
dados wujuding wiji sesawi rohani ingkang badhe tuwuh lan dados berkah
ingkang boten saged kaduga ageng lan agungipun.
Sumangga kita tansah sowan kanthi setya, sanadyan boten langsung
katingal wohing pakaryan kita. Tanpa pamrih, kita nandur kabecikan,
ngendhaleni rasa mangkel, sarta nyebar katresnan. Kersanipun Gusti Yesus
inggih punika, supados Kratonipun tuwuh wonten ing manahipun manungsa,
saking biji-biji sesawi iman ingkang alit ingkang dipun tampi saben dinten.
Mugi kita dados tiyang ingkang tansah setya sowan lan nresnani, lan
nyengkuyung kabecikan sanajan tanpa sorak lan pamuji. Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *