+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 28 Juli 2026 Minggu Limrah

1 Para Raja 4: 29-34; Jabur 119:121-128; Efesus 6: 10 – 18

NGAGEMA GAMAN ROHANI SAKING GUSTI
“Padha nggawaa gegamane peranging Allah, supaya kowe bisa nglawan
kajuligane Iblis; awit anggon kita perang iku ora nglawan daging lan getih,
nanging para pamarentah, para pangwasa, para panggedhening jagat
kang peteng iki, para roh ala kang ana ing langit. Mulane padha nggawaa
sakehing prabote peranging Allah, supaya kowe bisa nindakake
panglawan ing tekane dina kang ala iku lan tetep ngadeg jejeg, sawuse
kowe ngrampungaké iku kabeh.” (Efesus 6:10–18)

Rasul Paulus ngajak dhateng pasamwan ing Efesus supados sami
mantep lan kiyat ing pitados, amargi sedaya ngadhepi peperangan rohani,
ingkang mungsuhipun boten kasat netra. Kita boten ngadhepi daging lan
getih, nanging angkara murka, roh-roh piala, lan kekiyataning roh pepeteng
jagad. Supados kita saged unggul, kita kedah ngagem piranti perang rohani
saking Gusti arupi: sabuk kayekten, kasut Injil tentreming batin, tameng iman,
ketopong kawilujengan, sarta pedhang Roh, injih punika Sabdanipun Gusti.
Tanpa cepengan gaman rohani kados punika, kita kados dene prajurit
ing palagan peperangan tanpa mbeta gaman lan senjata babar pisan. Tanpa
iman, kita gampil kapitunan; tanpa kayekten, kita bingung; tanpa kaleresan,
kita ringkih menawi tinempuh ing piawon. Sabdanipun Gusti mujudaken
gaman ingkang paling utama, awit lumantar sabda kita dipun paringi pitedah,
kekiyatan, lan tuladha. Paulus ugi ngajak umat supados tansah ndedonga
kanthi waspada lan setya.
Sumangga saben dinten kita cepengan gaman rohani punika kanthi
jumaga lan waspadha. Sampun ngantos nganggep sepele peperangan
rohani, awit saben dinten kita ngadhepi panggodha, piala saking pepeteng,
lan mawani-warni pacoban gesang. Nanging ing Gusti Yesus, kita sampun
diparingi cepengan ingkang jangkep, kita namung perlu nyandhak lan
ngginakaken kanthi iman sedaya cepengan gaman rohani punika. Mugi kita
tansah dados prajurit-prajuritipun Gusti Yesus ingkang siyaga, jujur, lan
setya ngladosi ngantos pungkasaning gesang. Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *