Zakharia 2:6-13; Jabur 145:15-21; Rum 7:7-20
PANGERTEN TUMRAP DOSA LAN SABDANE GUSTI
“Sabab apa bae kang daktindakake iku, aku dhewe ora mangerti. Awit apa
kang daktindakake iku mau dudu kang dakkarepake; nanging apa
kang daksengiti, iku kang daktindakake.”
(Rum 7:15)
Angger-anggering Toret mujudaken paugeran ingkang sae awit nuntun
manungsa kangge mangertos lan tepang bab dosa. Emanipun, awit dosa
sampun nguwaosi gesanging manungsa, paugeran punika malah nuwuhaken
pepenginan pepenginan jahat ing manahipun manungsa kados ingkang
dipun gambaraken wonten ing waosan dinten punika.
Saben pribadi sejatosipun nggadahi niyat kangge nindakaken kabecikan,
emanipun asring kelampahan niyat becik punika kawon kaliyan pepenginan-
pepenginan jahat ingkang mapan wonten ing telenging manah. Perkawis
punika saged kelampahan awit gesangipun manungsa sampun dipun kuwaosi
dening dosa. Pramila niyat kepengin nindakake kang becik, ananging ingkang
kelampahan malah kosok wangsulipun, inggih punika tumindak ingkang ala.
Punika mbuktekaken bilih tanpa pitulunganipun Allah kabecikan lan
kesaenaning manungsa mesthi kawon kaliyan pepenginan-pepenginan jahat.
Manungsa mboten saget ngawonaken dosa sauger namung ngandelaken
kekiyatanipun piyambak.
Waosan kita wekdal punika paring penget, sinaosa kita sampun nampi
kamardikan, uwal saking pamblengguning dosa lan ngrasuk gesang anyar,
pranyata dosa taksih saged nuwaosi gesang kita lan njurungi kangge
tumindak awon. Pramila mekaten, kita kedah tansah gumantung dumateng
Sih Rahmatipun Gusti, Tegen ndedonga lan nyuwun kekiyatan supados
saged gesang manut karsanipun Gusti. Kanthi cara menika, kita saged ngrasuk
gesang anyar wonten salebeting panganthinipun Roh Suci. Nglampahi gesang
ingkang mbingahaken lan damel rena ing ngarsanipun Gusti. Amin. |*SP
