+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 24 Mei 2026 Minggu Pentakosta

Wilangan 11:24-30; Jabur 104:24-35b; Lelakone Para Rasul 2:1-21;
Yokanan 7:37-39

ROH SUCI TUMEDHAK DHATENG TIYANG PITADOS
“Besuk ing dina-dina kang wekasan … Ingsun bakal
ngesokake RohingSun marang sakabehing maungs …”
(Lelakone Para Rasul 2:17)

Dinten punika tiyang Kristen mengeti lan mahargya riyaya Pentakosta,
dinten tumedhakipun Sang Roh Suci. Miturut sejarahipun, riyaya Pentakosta
punika riyayanipun bangsa Yahudi kangge mengeti peparing angger-angger
Toret lan pista panenan ingkang kelampahan seket dinten sasampunipun Paskah
Yahudi kangge mengeti bab anggenipun Allah ngganjar berkah dhateng umat.
Ing jamanipun para rasul, nalika riyaya Pentakosta, wonten lelampahan
ingkang ngedab-edabi! Ing pungkasaning riyaya wau, Roh Suci tumedhak,
nedhaki para rasul lan tiyang-tiyang pitados ing Yerusalem. Miturut katranganipun
rasul Petrus ing khotbahipun, Roh ingkang tumendhak punika wujud
kaleksananing pamecanipun nabi Yoel (ayat 16 ).
Nalika jamanipun bangsa Israel ing kitab Prajanjian Lawas, ingkang
nampi Roh Suci namung tiyang tertemtu, inggih punika nabi, ratu utawi
imam. Nalika jamanipun Gusti Yesus langkung kathah ingkang nampi Roh
Suci. Dene sasampunipun Gusti Yesus mekrad, Roh Suci nedhaki sedaya
tiyang pitados. Jaman Roh Suci, miturut nabi Yoel, sinebut jaman “dina-dina
wekasan”; Roh Suci tumedhak dhateng sedaya tiyang pitados.
Gusti sampun sumengka dateng swarga, kamangka Injiling tentrem rahayu
kedah kaundhangaken wradin sajagad-rat, tebaning pawarta kabingahan saya
rowa. Krana tebaning laladan pakabaran Injil saya rowa, mila sedaya tiyang
pitados katimbalan kangge ngabaraken Injilipun Gusti punika.
Krana dayaning Roh Suci ingkang ngedab-edabi, ingkang nuwuhaken
wontenipun tiyang Kristen lan madegipun greja, mila kita mahargya Pentakosta
dados dinten pengetan tumedhakipun Sang Roh Suci. Tumrap kita, pengetan
lan pahargyan Pentakosta ugi dados pengetan ingkang mbereg kita caos sokur
panuwun dhateng Gusti dene Rohipun Gusti tansah ngrimati kita. Ugi dados
pambereg tumrap kita kangge saya mempeng ngabaraken Injil. Amin. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *