Wilangan 16:41-50; Jabur 99; I Petrus 4:1-11
ALLAH INGKANG KEDAH SINEMBAH!
“Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane imame; tuwin nabi Samuel
iku panunggalane kang padha nyebut asmaning Yahuwah, nuli
kaparingan wangsulan. Padha dipangandikani saka ing tugu mega, kabeh
wus padha netepi pepengete, sarta pranatan kang diparingake”
(Jabur 99:6-7)
Ing pagelaran kethoprak utawi wayang adatipun tiyang ingkang gadhah
panguwaos sinembah dening para abdinipun. Sinembah amargi kwasa
nemtokaken abang-biruning kawontenan lan nasibing para abdinipun. Lah
makaten gegambaraning gesangipun umat: umatipun Allah prayogi tumungkul
sujud manembah dhateng Allah ingkang Mahakwasa.
Juru Mazmur mratelakaken kawontenanipun Allah sesembahaning umat.
Sinebatipun nabi Musa, imam Harun lan nabi Samuel, estunipun nyulihi
umatipun Allah, ingkang adegipun nggambaraken pribadi ingkang dados
lantaraning umat nelakaken pambangun turutipun dhateng Allah. Nedahaken
ugi anggenipun umat ngunjukaken pandonga lan kurban-kurbanipun dhateng
Allah.
Allah ingkang jumeneng ing kasucen (kapralambangaken wontenipun
tugu-mega) mirsani kawontenanipun umat. Lan krana pirsa kawontenipun
umatmila lantaran kalenggahan nabi lan iman wau Gusti Allah paring pangandika
dhateng umatipun. Isining pangandika pranyata panjawabipun Allah tumrap
pandonga, kurban-kurban lan pambangunturutipun umat dhateng Allah.
Tumrap kita ityang pitados, estunipun kalenggahan-kalenggakan nabi,
imam lan ratu sampun sinandhang ing Pribadinipun sang Kristus, inggih Gusti
lan Juruwilujeng kita. Ing sasisih, Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng Ratu,
Nabi lan Imam nyulihi kita manungsa kangge mratelakaken panyuwunan bab
kabetahan kita, mirungganipun bab pangapuntening dosa supados nampi
gesang langgeng. Nanging ing sisih sanesipun, Panjenenganipun sang Kristus,
Gusti kita ingkang paring panjawab tumrap sedaya kabetahan kita wau.
Mila estu pantes lan sampun sakmesthinipun yen kita manembah dhumateng
Gusti krana asih katresnan lan pangwasanipun ingkang kwasa paring panjawab
kanthi bukti nyata, milujengaken. Mila satuhu, namung Allah ingkang wajib
sinembah. Mugi Roh Suci nglestantunaken pitados kita. Amin. |*BP
