Lelakone Para Rasul 1:1-11; Jabur 53; Efesus 1:15-33; Lukas 24:44-53
WUJUDING KABINGAHAN
“… Ana ing kono Panjenengane nuli ngangkat astane, para sekabat
padha diberkahi … Para sekabat banjur padha sujud nyembah marang
Panjenengane, nuli padha bali menyang ing Yerusalem kalawan bungah
banget, sarta padha ana ing Padaleman Suci lan ngluhurake Allah”
( Lukas 24:50-53)
Raos bingah saged dipun pratelakaken srana maneka warni cara. Wonten
ingkang keplok-keplok, saged rengeng-rengeng utawi kekidungan, saged ugi
malah mbrebes-mili lan muwun sesengguken, punapa dene sembahyangan
atur panuwun, lan sanesipun.
Nalika Gusti Yesus mekrad, sumengka dhateng ing swarga, para sekabat
ingkang ndherekaken sami cingak, sumedhot lan ndomblong tumenga dhateng
langit (L. Para Rasul 1:10-11). Nanging saklajengipun sami wangsul kebak
ing kabingahan (Lukas 24:50).
Kabingahanipun para sekabat dipun wujudaken kanthi sikep “padha
sujud nyembah marang Panjenengane”. Ingkang nedahaken lembah-manahipun
para sekabat, wujud raos tanpa-dayanipun para sekabat ing ngarsanipun Gusti.
Salajengipun “nuli padha bali menyang ing Yerusalem”. Punika nedahaken
kasetyanipun para sakabat kangge ngestokaken dawuh timbalanipun Gusti
supados sami wangsul dateng Yerusalem.
Kula lan panjenengan sami ugi sampun nampi kawilujengan dalah sampun
katedhakan ing Roh Suci, sami mangertos lan pitados bilih sang Kristus Juru
wilujeng kita. Kita rak inggih kebak ing kabingahan krana kawilujengaken
dening Gusti, ta!? Lah sumangga kita pratelakaken kabingahan kita kanthi
mbangun lan nindakaken pangibadah ingkang satuhu. Salah satunggaling
sikep ngibadah kita temtu kemawon donga sukor atur panuwun dhumateng
Gusti bab kasaenan lan berkahipun Gusti. Temtu kita ugi remen memuji
Gusti kanthi kekidunganing kasukman. Sumangga! Amin. |*BP
