Pangandharing Toret 31:1-13; Jabur 93; Yokanan 16:16-24
AYEM ING GUSTI YESUS
“Satemen-temene Aku pitutur ing kowe: kowe bakal padha nangis lan
sesambat,nanging jagad bakal bungah; kowe bakal padha nandhang
susah, nanging kasusahanmu bakal salin dadi kabungahan”
(Yokanan16:20)
Wonten ing KPJ 399 (pada kalih), kanthi irah-irahan “Ayem Neng Gusti
Yesus” dipun serat, ”Sisah samangke namung kantun sawetawis …”. Punika
nelakaken kapitadosan Kristen menawi raos sisah ingkang wonten boten
badhe dangu karaos awit tansah ingauban sih katresnaning Allah.
Nalika Gusti Yesus ngandikakaken bab anggenipun badhe seda, wungu
lajeng sumengka ing swarga nilar para sekabat, para sekabat sumaos saklangkung
sisah awit kedah pepisahan kaliyan Panjenenganipun.
Ananging raos sisahipun para sekabat punika boten badhe dangu. Awit
Sang Roh Suci, Rohing Panglipur, badhe enggal kaparingaken. Roh Panglipur
punika ingkang badhe nuntun lan ngiyataken para sekabat. Roh Suci, Rohing
Kayekten, punika ugi badhe mucalaken bab kaleresan lan nuntun dhumateng
margining kaleresan. Menawi mekaten, sinaosa para sekabat kalimput ing
raos sisah awit kedah pepisahan kaliyan Gusti Yesus, raos sisah punuka boten
badhe dangu karaosaken awit para sekabat sami nggadhahi pangajeng-ajeng.
Kados dene para sekabat nalika semanten, samangke kita inggih kaparingan
Roh Panglipur. Pramila sinaosa kita kedah ngadhepi maneka-warni karibedan ing
gesang, sampun ngantos kecalan pengajeng-ajeng. Awit ingauban ing sihNya kita
tetep rumaos ayem-tentrem. Madhep-manteb nindkakaken ayahan peparingpun
Gusti. Sadaya punika pancen kedah kelapahan, ewasemanten pitulunganipun
Gusti mesthi datan kendhat ing gesang kita. Amin. | *BP
