Pangandharing Toret 5:22-37; Jabur 93; 1 Petrus 3:8-12
SAGED WILUJENG NGANTOS DUMUGI TUJUAN
“Kang iku kowe padha nglakonana apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah …
sarta aja nyimpang mangiwa utawa manengen. Kabeh dalan kang
ditedahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku
ambahen, supaya kowe padha urip lan padha ginanjar slamet apadene
dawa umurmu ana ing tanah kang bakal kokejegi”.
(Pangandaring Toret 5:32,33)
Wekdal samangke kita saged ngginakaken pitedahipun Google Map menawi
kekesahan tumuju dhateng papan ingkang dereng kita wanuhi. Srana
nggatosaken lan ngestokaken pitedah Google Map mesthinipun kita boten
nyasar lan saged wilujeng dumugi papan ingkang kita tuju.
Saksampunipun nampi angger-anggeripun Gusti ing redi Sinai, umat
kedah nglajengaken lampahipun tumuju dhateng tanah prasetyan. Supados
wilujeng dumugi papan ingkang dipun tuju, wonten kalih perkawis ingkang
kedah dipun tindakaken dening umat. Sepisan, nindakaken dhawuhipun Gusti
kados ingkang kapratelakaken ing angger-angger ingkang kaparingaken ing
redi Sinai. Kaping-kalih, anggenipun lumampah kedah manut margi ingkang
dipun tedahaken dening Gusti Allah. Kalih perkawis punika kedah dipun
estokaken kanthi tumemen awit ing tanah prasetyan sampun wonten bangsa-
bangsa sanes ingkang mengku lan nguwaosi negari punika. Umat kedah
ngetogaken daya kekiyatanipun kangge ngrebat negari punika saking bangsa-
bangsa sanes, kinanthenan pambangun turut dhumateng pitedahipun Allah.
Sinaosa tantanganing gesang punapa dene jinising karibedan kita samangke
benten kaliyan jamanipun umat Israel rikala semanten, nanging supados
kita saged nggayuh karahayoning gesang, kita ugi kedah mbangun turut lan
purun nindakaken dawuhipun Allah. Sampun ngantos malah nggega pikajeng
kita piyambak. Kita tetep tumindak, nanging anggen kita tumindak tansah
kalandesaken dhateng kersanipun Gusti. Amin |*BP
