+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 11 Mei 2026 Minggu Paskah VI

Purwaning Dumadi 9:8-17; Jabur 98; Lelakone Para Rasul 27:39-44

PRATANDHA KASETYANIPUN ALLAH
“KluwungingSun Sunpapanake ana ing mendhung, iku minangka
tandhaning prasetyaningSun lan bumi. Manawa ing tembe Ingsun
ngumpulake mendhung ana ing sadhuwure bumi, lan kluwung mau
banjur katon ana ing mendhung, ing kono Ingsun mesthi bakal enget
marang prasetyaningSun…”
(Purwaning Dumadi 9:13-15)

Kluwung (pelangi) punika mujudaken fenomena alam ingkang endah
awujud cahya lengkung maneka warni ing angkasa, saksampunipun jawah
awit tetesing toya jawah kenging cahyaning surya.
Ing waosan kita dinten punika kacethakaken bilih kluwung mujudaken
tanda prasetyanipun Allah ingkang boten badhe numpes tapis bumi lan
saisinipun malih kadosdene nalika jamanipun nabi Nuh.
Krana manungsa mbluntah gesangipun, Gusti Allah lajeng paring paukuman
srana bena ageng ingkang nglelebi bumi saisinipun. Gusti Allah namung
ngantunaken brayatipun Nuh dalasan sawetawis kewan sajodho-sajodho,
ingkang dipun dhawuhi mlebet ing prau yeyasanipun Nuh netepi dhawuh
lan pitedahipun Gusti Allah.
Saksampunipun paukuman kawawas cekap, Nuh ngaturaken kurban
dhumateng Gusti ingkang dados renaning penggalihipun Gusti (P. Dumadi
8:20-21). Gusti Allah paring berkah lan prajanji dhateng Nuh menawi boten
badhe numpes tapis bumi saisinipun malih srana bena ageng. Kluwung
pinangka tandhaning prajanji punika ugi nggambaraken anggenipun Allah
tetep ngersakaken manungsa lan titah sanesipun saged ngrembaka, tangkar-
tumangkar lan jagad raya saisinipun saged lestantun.
Rawuhipun Gusti Yesus kangge nindakaken pakaryaning kawilujengan
ugi mujudaken bukti kasetyanipun Allah dhumateng prajanji punika. Mila
rahayu kula lan panjenengan ingkang pitados dhateng Gusti Yesus Kristus,
awit panjenenganipun punika pratandha-bukti bilih pakaryaning Allah punika
boten numpes nanging milujengaken. Amin. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *