Yeremia 26:20-24; Jabur 31:1-5; 15-16; Yokanan 8: 48-59
WONTENIPUN GUSTI YESUS WIWIT KAPAN
“Paring wangsulane Gusti Yesus: Satemen- temene pituturKu marang
kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana”
( Yokanan 8:58 )
Kangge mangertosi bab wiwitan wontenipun Gusti Yesus, piwulang
(dogma) greja mratelakaken srana tembung “pra-eksistensi” Yesus. Ingkang
nggadahi teges saderengipun Panjenenganipun miyos ngagem asma Yesus,
Panjenenganipun sampun wonten. Perkawis punika panci dados pitakenanipun
tiyang kathah: punapa leres Yesus punika asal-usulipun boten saking donya
ngriki kepara Panjenengenipun kok ngaken sampun tepang klayan Abraham
:… mosok inggih Yesus kok tepang klayan Abraham ingkang gesangipun sampun
ewon taun kepenger! Gusti Yesus paring wangsulan menawi Panjenenganipun
sampun wonten saderengipun rama Abraham!
Wangsulanipun Gusti Yesus wau mila boten lepat! Wonten katrangan
saking Yokanan 1:1-3 bilih Panjenenganipun punika Sabdanipun Allah, ingkang
nitahaken samudayananipun, ingkang kawontenanipun tanpa winates, wiwit
saking kalanggengan dumugi ing kalanggengan. Lajeng ing Yokanan 1:4 dipun
terangaken bilih Sang Sabda (inggih Allah) manjalma manungsa, miyos saking
guwa garbanipun Maryam ngagem asma Yesus. Mila wontenanipun Yesus
boten kok nembe wiwit nalika wiyosipun ing Bethelem. Kawontenanipun wiwit
saking kalanggengan jalaran Panjengenipun mila Allah (ingkang kawontenanipun
langeng), nanging miturut kersanipun Allah piyambak, manjalma manungsa;
jumeneneg manungsa asma Yesus, sang Kristus, Juruwilujeng, inggih Gusti kita.
Katranganing Kitab Suci bab wontenipun Yesus makaten wau paring
pitedah dhateng kita bilih Yesus punika Allah piyambak ingkang langgeng
kawontenanipun, inggih wiwit kalanggengan ngantos ing kalanggengan. Kanthi
makaten kita saya kakiyataken ing pitados, inggih namung Panjenganipun ingkang
tanpa winates kawontenanipun punapa dene panguwaosipun. Panjenenganipun
inggih Gusti ingkang kedah kita sembah-bekteni awit sedaya prasetyaning
berkah karegem ing astaniPun. Gusti Yesus punika Juru Wiluneng ingkang boten
dumadakan anggenipun makarya milujengaken manungsa. Ananging ingkang
kagungan rancangan kawilujengan wiwit manungsa dhumawah ing dosa
(jamanipun Adam lan Kawa). Pinujia Gusti Yesus ! Amin. | *BP
